Waosan: Purwaning Dumadi 38 : 1 – 26 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “Dudu aku, nanging wong wadon iku kang bener…” (Ayat 26)
Bener ketenger, becik ketitik, ala ketara. Punika salah satunggaling falsafah Jawi ingkang paring piwucal bilih tiyang gesang punika tamtu bakal pikantuk ganjaran saking tumindakipun piyambak. Mila tiyang gesang ing donya kedah waspada lan ngati-ati anggenipun tumindhak. Kenging punapa? Awit sae lan mbotenipun ganjaran ingkang kita tampi badhe kapirsa ing wekdal selajengipun. Bener ketenger tegesipun tiyang ingkang tumindak bener badhe dipun enget tiyang sanes. Becik ketitik mratelakaken bilih punapa ingkang sae bakal kabukten. Ala ketara tegesipun punapa ingkang awon badhe binuka ing titi wancinipun.
Falsafah Jawi bener ketenger, becik ketitik, ala ketara punika cocok kangge nggambaraken lampah gesangipun Yehuda. Wiwitanipun Yehuda nilaraken para saduluripun lajeng krama kaliyan wanita Kanaan ingkang naminipun Syua. Salajengipun Yehuda lan Syua kagungan putra cacahipun tiga, Er, Onan, lan Syela. Yehuda lajeng madosaken jodho kangge Er lan pikantuk Tamar. Nanging Er mboten dados renaning penggalihipun Sang Yehuwah, lajeng seda. Yehuda lajeng nundhung Tamar supados wangsul dhumateng tiyang sepuhipun piyambak minangka wulanjar (Ay. 8-10). Salajengipun, Tamar mundhut “keputusan” supados pikantuk turun saking brayating Yehuda kanthi srana ngrucat pengagem wulanjar lan apen-apen minangka wanita tuna susila. Nalika tindak dhateng Timna, Yehuda ngajak tilem Tamar krana mboten mangertos bilih punika mantunipun piyambak. (Ay. 12-16). Wetara tigang sasi Yehuda nampi warta bilih mantunipun lampah bedhang lan sampun ngandheg, milanipun Yehuda paring dhawuh supados tiyang wadon punika dipun obong (Ay. 24). Ananging Tamar mbuktekaken bilih sejatosipun Yehuda piyambak ingkang dados bapa saking anak ingkang dipun kandheg punika. Yehuda saged mawon selak, ananging ing ngriki Yehuda purun ngakeni lan tanggel jawab awit tumindakipun kanthi pangucap “dudu aku, nanging wong wadon iku kang bener” (Ay. 26).
Cariyos Yehuda lan Tamar punika, piwucal luhur ingkang saged kita damel panuntuning gesang kita saben dinten, inggih punika: Sumangga kita tansah ngupadi dados tiyang ingkang jujur (sae punika ing salebeting pikiran, pangucap, lan tumindak) saha wantun tanggel jawab tumrap punapa kemawon ingkang sampun kita tindakaken. Kita sadaya kagungan jejibahan lan tanggel jawab ing salebeting gesang kita, sae punika dhateng dhiri pribadi, kulawarga, pasamuwan, lan masyarakat. Mila sumangga kita tindakaken sadaya tanggel jawab punika kanthi setya tuhu lan temen. Amin. [G-mbul].
“Wani tumindhak, wani tanggung jawab.”