Waosan: Ayub 20 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 292
Nats: “… manawa gambirane wong durhaka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?” (Ayat 5)
Sampun dados padatan menawi manungsa langkung gampil dasari pemanggihipun kanthi perangan ingkang ketingal nyata (lair) tinimbang ingkang boten ketingal (batin). Tiyang kaanggep sugih lan sukses, menawi mapan wonten ing griya ingkang ageng, kagungan kendaraan kathah lan sabenipun wiyar. Mangka ing jaman samangke, tiyang sugih lan sukses boten saged dipun tingali saking prekawis – prekawis punika kemawon.
Pemanggih ingkang sami ugi dipun gadhai Zofar nalika pinanggih kaliyan Ayub. Miturut Zofar, tiyang ingkang durhaka lan nyingkur Gusti Allah dipun tandani lumantar gesang ingkang kebak kasisahan lan sesakit. Sadaya kabingahan lan kasenenganipun namung sedhela, boten langgeng lan lestantun. Dados, lumantar pemanggih ingkang mekaten, Zofar nganggep Ayub punika saweg nampi paukuman saking Gusti Allah, awit gesangipun dereng sarujuk kaliyan karsanipun Gusti Allah. Zofar rumaos bilih Ayub sampun nglampahi tumindhak ingkang ala, satemah Gusti Allah paring pepenget lumantar sadaya prekawis ingkang dipun alami. Pramila, Zofar ngengetaken Ayub supados purun ngesoraken sariranipun wonten ngarsanipun Gusti Allah.
Lumantar pangertosan punika, sadar utawi boten, Zofar sejatosipun sampun “mendhet” kamulyanipun Gusti Allah. Pituduh ingkang nganggep Ayub kebak dosa, temahan nampi pacoban ingkang ageng saking Gusti Allah, nelakaken bilih Zofar rumaos pantes lan kagungan wewenang kangge ngadili ala lan becikipun Ayub. Kamangka, wenang kangge nemtokaken bener lan salah punika namung wewenangipun Gusti Allah. Sejatosipun Ayub nampi pacoban saking Gusti Allah sanes karana dosa – dosanipun, ananging karana saweg katiti-pirsa.
Tumindhakipun Zofar, mbok bilih asring ugi kita tindakaken ing salebeting gesang kita. Kita gampil paring pituduh ingkang boten leres tumrap gesangipun sesami, awit kita namung ningali sak jawinipun kemawon. Lan saking prekawis punika, kita asring damel sekeling manah sesami kita. Mila, lumantar dhawuhipun Gusti punika, kita sami kaajak saged ta tepa slira dhateng sesami kita, supados kita boten gampil paring pituduh, langkung-lakung pituduh ingkang awon tumrap sesami kita. Amin. [7us].
“Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu.” (Mateus 7: 1)