Jas Merah Renungan Harian 7 November 2020

7 November 2020

Waosan : Jabur 78 : 1 – 7 | Pamuji : KPJ. 188 : 1, 2
Nats: “Supaya padha precaya marang Allah lan aja lali sarupaning pakaryané, apa déné padha netepana dhawuhé.” (Ay. 7)

 “Jangan sekali-kali meninggalkan sejarah”. Ukara punika minangka pidato Presiden Soekarno ing pahargyan 17 Agustus 1966. Tujuanipun supados bangsa Indonesia boten nglirwakaken jasa para pejuang ingkang rila ngorbanaken nyawanipun kangge kamardikan bangsa Indonesia.

Mekaten ugi waosan ing wekdal punika, Asaf ngengetaken supados bangsa Israel boten nglirwakaken pakaryanipun Gusti Allah. Gusti Allah ingkang sampun nuntun, ngreksa lan ngrimati umatipun klayan mujizat. Segara dipun piyak, para leluhur sami dipun sabrangaken. Ing wanci siang, lampahipun umat dipun tuntun kalawan mega, ing wanci wengi dipun tuntun kalawan padhanging geni. Kanthi pakaryan ingkang ngedap-edapi, bangsa Israel saged wilujeng lan pikantuk kanugrahan saking Gusti Allah. Pramila, sang pemazmur Asaf, paring pangenget sampun ngantos nuladha tumindak para leluhuripun ingkang wangkot, balela lan boten setya ing Gusti. Satemah bangsa Israel nampi paukuman saking Gusti.

Lumantar Sabda Pangandika punika, Gusti ngersakaken supados kita tansah ngraosaken panuntun lan pakaryanipun Gusti ing gesang kita. Gusti Yesus Kristus sampun rila ngorbanaken nyawanipun kangge kawilujengan kita. Sejatosipun kita ingkang nampi kasangsaran lan paukuman pati, minangka ganjaranipun dosa kita, ananging Gusti Yesus ingkang kebak Sih Rahmat, nresnani lan mitulungi kita. Sedaya pakaryanipun Gusti ingkang ngeram-eramaken kedah kita wulang wuruk ing anak putu kita. Satemah sedaya brayat tansah setya tuhu ngabekti lan ngluhuraken Asmanipun Gusti.

Swawi kita ngenget pakaryanipun Gusti ingkang kebak mujizat. Kita tansah manteb ing pracaya ingkang kawujudaken klayan gesang cundhuk ing karsanipun. Senaosa gesang punika boten gampil, ananging Gusti ngersakaken supados kita netepi dhawuhipun. Kadangkala, amargi kathah pakewet lan reribet, kita supe tumrap pakaryanipun Gusti. Kita supe bilih Gusti ingkang makarya, Gusti boten nate klentu anggenipun ngreksa lan ngrimati umatipun. Lajeng kita nggresula, nglokro lan nilar Gusti. Sumangga, kita tansah enget-enget pakaryanipun Gusti lan kita mulang wuruk ing anak putu kita. Satemah kita sedaya boten dhumawah ing piawon ingkang sami kaliyan para leluhur kita. (ji)

  “Oleh lali ning aja nglali”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak