Mbangun Brayat Renungan Harian 7 November 2019

7 November 2019

Waosan : Pangandharing Toret 25 : 5 – 10|   Pamuji  : KPJ. 316
Nats:
“…, nanging sadulure kang lanang iku kang wajib ngepek bojo lan kalawan mangkono dadine nindakake kewajibaning ningkah ipe.” (Ay. 5) 

Warga : Pak Pendeta, nyuwun pangapunten nggih, dhaup suci kula mangke mboten wonten greja GKJW, nanging wonten greja sanes mawon .
Pendeta : Lha kenging punapa mas?
Warga : Awit pranatan utawi aturan wonten GKJW punika ribet lan ewed. Kedah ngempalaken persyaratan, kedah Katekisasi perkawinan, cawisan, lsp. Kamangka greja sanes punika gampil, cepet lan mboten ribet.
Pendeta : Lha pancen pranatane greja GKJW ngunu lho mas. Pranatan iku digawe supaya perkawinane sampeyan sah secara agama lan Negara. Dikatekisasi ben luwih mantep anggone mbangun brayat. Wong rabi kuwi aja dipadhakne karo wong tuku bakso…gpl (ga pakai lama) utawa wong gawe mie… (instant 3 menit dadi)…

Cariyos ing inggil punika sanes cariyos fiktif, nanging nyata ing salebeting gesang pasamuwan. Mbokbilih wonten sawetawis warga ingkang taksih nggadahi pemanggih bilih pranatan bab perkawinan ing GKJW punika ribet lan ewed, lajeng endha pados greja sanesipun ingkang dipun anggep pranatanipun langkung gampil, cepet lan mboten ribet.

Waosan ing wegdal punika mratelakaken pranatan bab mbangun brayat kaliyan sadulur ingkang semahipun sampun tilar donya. Isi pranatanipun cetha sanget; bilih wonten sadulur jaler ingkang sampun tilar donya, ingkang wajib ngepek bojo randhane mboten sanes sadulur jaler saking brayat punika (sadherek ipe), anak pembarep ingkang lair tetep dipun anggep anake sadulure ingkang sampun seda (5-6). Bilih sadherek jaler wau mboten purun ngepek ipene, kedah ngadhep wonten ing tuwa-tuwa Israel (7-10). Pranatan punika dipun sebat “PERKAWINAN LEVIRAT” (saking bahasa Ibrani yabam, “ipe” sadherek jaler).  Tujuanipun perkawinan levirat inggih punika supados kaluhuran keluarga mboten cures ing antawisipun tiyang Israel. Kaping kalih, kangge ngreksa, ngrimati lan ngajeni gesangipun para randha. Tamtunipun ugi sumrambah dhumateng sadaya tiyang estri wonten ing Israel.

Para sadulur, ing salebeting jaman ingkang sangsaya maju lan kathah tiyang ingkang namung mikiraken dhirinipun piyambak (individualis) sumangga kita sami mbudidaya rumeksa nami lan kaluhuran keluarga kita. Mbangun sesambetan ingkang sae antawisipun anggota keluarga lan ngreksa, ngrimati saha ngajeni sadaya titahipun Gusti Allah. (Gimbul)

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak