Bacaan : Para Rasul 26 : 1 – 18 | Pamuji : KPK 90 : 1, 2
Nats : “… wonten ing tengah margi punika kawula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya tumurun saking langit lajeng nglimputi kawula saha kanca kanca sesarengan kawula.”[ayat 13b]
Asring pakaryanipun Gusti menika mboten kita mangertosi, krana kathah marginiPun lan mboten dinuga. Wonten setunggal sharing kanca majelis asring dipunpanggihaken pengalaman ingkang aneh utawi mboten biasa salebeting dados paladosipun Gusti ing pasamuwan. Wonten ingkang rumiyin nolak lan mboten purun ndherek lelados, wonten ingkang ngenyang mangke mawon ing wekdal salajengipun, wonten malah ingkang mlajeng saking greja ngantos pungkasanipun wangsul malih dhateng gereja. Sedaya menika minangka cecala kangge kita bilih Gusti ngagem kathah margi kangge manggihaken menapa ingkang dados kagunganiPun.
Cariyos bab rasul Paul ugi mekaten, sinten ingkang saged mangertosi bilih piyambakipun badhe dados paladosipun Gusti Yesus? Menawi ningali aslinipun soksintena mboten badhe pitados bilih mboten dangu saksampunipun nguyo-nguyo para sekabatipun Gusti minangka pasukanipun para Imam Farisi, sakmange malah dipunadhepaken tiyang Yahudi dhateng Kaisar Agripa kanthi status dados pendherekipun Gusti Yesus (ayat 8-10). Ing cariyos salajengipun rasul Paul malah nelakaken bilih krana pepadhangipun Gusti ingkang pranyata kalangkung kiyat tinimbang piyambakipun kados nats ingkang kita raosaken menika.
Pepadhangipun Gusti menika ingkang ngawonaken raos gumunggung lan ing wekdal ingkang sami dados pasrah dhateng panguwaosipun sang Kristus, ingkang ketingal minangka pepadhang mawurahan. Ing gesang menika, pepadhangipun Gusti kemawon ingkang maringi kita margi lan kaendahaning gesang lelados. Kangge tiyang sanes, saged ugi leladi menika dados beban ingkang awrat, nanging kangge tiyang ingkang kaparinggan pepadhang saking Gusti, paladosan menika minangka margi ingkang estu mbingahaken krana kadamel namung kagem kamulyanipun Gusti. Lan malih endahipun gesang ingkang lumampah menika nalika kita estu sinau leladi ingkang kaparingan pepadhangipun Gusti, awit kita yakin estu bilih kita sedaya menika kagunganipun sang Kristus. Amin. [LUV]
“Kamu adalah kegelapan, tetapi sekarang kamu adalah terang di dalam Tuhan” (Gereja Kristen Injili Tanah Papua)