Waosan: Pengentasan 6 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 120
Nats: Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!” (Ayat 7)
Sinten ingkang remen kekancan kaliyan tiyang ingkang ‘kakehan alesan’? Mbok bilih mboten wonten. Awit tiyang punika pinter sanget pados alesan kangge mbeneraken piyambakipun. Sadaya ingkang benten dipun anggep lepat, tiyang sanes ingkang benten pemanggihipun dipun anggep kliru, kawontenanipun dipun salah-salahaken. Piyambakipun rumangsa dados korban, kamongko namung piyambakipun ingkang mboten saged nampi kasunyatan. Tiyang punika remen ndhelik ing swaliking alesan. Nanging bilih tiyang punika saged ngemudheni dhiri lan ngetut wingking karsanipun Gusti, tamtu gesangipun dados berkah, kados lelampahan Nabi Musa.
Nabi Musa saged kawastanan dados salah setunggalipun tokoh Kitab Suci ingkang ‘kakehan alesan’. Awit wonten kathah prekawis ingkang dados ganjelan tumrap Nabi Musa nglampahi prentah saking Gusti. Wongsal-wangsul ngaturaken pasambat lan ugi wonten kemawon prekawis ingkang dados alesan. Pramila Gusti Allah ngantebaken Nabi Musa ing waosan kita punika. Gusti Allah paring pitedah ingkang langkung jangkep kagem Nabi Musa, supados dipun wartosaken ing satengahipun bangsa Israel lan Sang Prabu Pringon. Nanging Nabi Musa taksih dereng tatag. Wusananipun Gusti Allah ngutus Harun ngrencangi Nabi Musa sowan dhateng Sang Prabu Pringon. Kanthi tataging manah, tiyang kekalih punika ngayahi tugas, awit pitados bilih Gusti Allah ingkang ngutus lan nganthi.
Ing salebeting wekdal Pra Paskah, mangga kita mengeti kasangsaranipun Gusti Yesus. Gusti Yesus netepi timbalanipun kanthi tatag. Sinaosa kedah dipun kuya-kuya, sangsara, lan seda sinalib, Gusti Yesus tansah setya nglampahi timbalan martosaken Injil dhateng manungsa. Panjenenganipun mboten lajeng ngaku dhiri dados korban, nanging malah kanthi sadar nglampahi kasangsaran-Ipun. Awit kados janji prasesetyanipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, panganthi lan panuntun-Ipun tansah nyarengi sinten kemawon ingkang nindakaken dhawuhipun Gusti. Mangga sami ndherek Gusti mbabaraken katresnan. Latihan-latihan iman kados asung pandonga, siyam, lan andum berkah dhateng sesami, saged ta kita lampahi dados sarana nuladha Sang Kristus ing gesang lan pigesangan kita. Minangka pandherekipun Gusti, mboten perlu ‘kakehan alesan’. Mangga enggal-enggal ngetut wingking tindak lampahipun Gusti Yesus mbabaraken katresnan. Amin. [jarwi].
“Aja kakehan alesan, ndherek Gusti kudu mantep.”