Pakulinan Renungan Harian 7 Maret 2020

7 March 2020

Waosan : Yesaya 51 : 4 – 8   |  Pamuji  : KPJ.  202
Nats: “Rungokna dhawuh-Ku, hé wong sing kulina nglakoni bebeneran, rungokna swara-Ku, sing atiné nampa dhawuh-Ku. Aja wedi menawa dicacad ing wong, lan aja kagèt menawa diala-ala“ (Ay. 7)

“Wong jujur iku ajur…” Tembung menika asring ndadosaken kathah tiyang kedher badhe tumindak bener, kalebet tiyang Kristen. Ing salebeting manah sejatosipun mangertos menapa ingkang kedah dipun lampahi, nanging karana kaanan lan tekanan, kathah tiyang ajrih tumindak bebener. Menapa malih menawi kathah tiyang ing sakiwa tengenipun ugi nglampahi bab ingkang boten leres, tiyang ingkang jujur menika asring dipun poyoki. Sedaya kaanan menika ndadosaken gesangipun tiyang Kristen keli ilining donya.

Nabi Yesaya ngengetaken, ing saktengahing kaanan ingkang kados mekaten, sampun ngantos kedher tumindak leres. Israel katimbalan dados bangsa ingkang mirengaken dhawuhipun Gusti lan nglampahi ing tumindak nyata kanthi ndadoskaen bab ingkang bener menika pakulinan, dipun lampahi saben wekdal kadosa pundi kaananipun. Tumindak ingkang dipun lampahi saben wekdal, terus menerus (boten namung menawi enget), badhe dados pakulinan. Menawi sampun kulina, sepisan kemawon boten nglampahi mesti boten sekeca raosipun manah. Kadosdene kita kulina sarapan enjing, menawi sepisan kemawon boten sarapan, raosipun mesti boten sekeca.

Tiyang ingkang mirengaken dhawuhipun Gusti badhe nampi lan nyimpen ing manahipun. Pramila, sedaya tumindakipun badhe katimbang-timbang ing saklebeting manahipun : menika leres menapa lepat? Kula jujur menapa boten? Selajengipun tiyang badhe ngetang : Yen aku tumindak bener lan jujur, aku bakal nampa bab kang becik apa ala? Yen aku jujur, aku bakal ajur apa mujur? Ing panimbang mekaten, tiyang pitados kaengetaken supados sampun ngantos ajrih tumindak bener, senadyan to kedah dipun cacat dening tiyang sanes. Ditansah enget bilih Gusti Allah makarya ing sadhengah prekawis. Jujur menika boten mesti ajur, saged ugi mujur, karana Gusti Allah tansah ngreksa lan makarya ing salebeting kayekten. (KRW).

“Sumangga ndadosaken tumindak bener minangka pakulinan“

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak