Tumindak Nyata Renungan Harian 7 Maret 2019

7 March 2019

Waosan : Kis 7 : 30 – 34 | Pamuji : PKJ 425
Nats : “Aku wis pirsa lan wis nguningani aboting kasangsarane umat-Ku, sing ana ing tanah Mesir, sarta wis mireng pasambate. Aku rawuh arep ngluwari umat mau. Saiki mrenea, Aku bakal ngutus kowe menyang Mesir”.[ayat 34]

Sumonggo ing wanci sakpunika, kita mendhet wekdal hening sekedhap. Kita ngemut-emut malih kahananipun sadherek- sadherek kita ingkang saweg nandhang kasisahan. Wiwit tanggi sakiwa-tengen kita ingkang taksih kamomotan sisah bab ekonominipun, punapa malih sadherek- sadherek kita ingkang dados korban bencana ing pundi-pundi panggenan.

Bilih ing wekdal hening punika, kita saged mirsani kasisahanipun lan ugi saged sakedhik ngraosaken kasangsaranipun para
sadherek kita menika, temtu kahanan ingkang kados mekaten kedah saged ndadosaken kita sadar. Sadar bilih orientasi peladosan ing Greja punika, punjeripun mboten namung bab ritus pangibadah kemawon. Tugas lan tanggel jawabipun tiyang Kristen punika, mboten namung ndedonga, maos Kitab suci, memuji Gusti lan kempalan wonten ing kebaktian minggu/brayat kemawon, nanging dados abdinipun Gusti, kedah saged mirsani lan ngraosaken kasisahanipun tiyang sanes. Salajengipun saged tumindak ingkang nyata kangge mbiyantu tiyang sanes.

Ing waosan kita kalawau, kita saged mangertosi kados pundi Gusti Allah ingkang kita sembah punika. Gusti Allah ingkang saestu Maha Pirsa kasangsaranipun umat kagunganipun. Gusti Allah mboten mendel kemawon tumrap kasangsaran ingkang saweg dipun sandhang bangsa Israel. Nanging Gusti Allah saestu tumut prihatin lan kersa ngutus Nabi Musa, kangge ngluwaraken bangsa Israel saking kasangsaranipun.

Panjenenganipun mboten namung ngutus Nabi Musa, nanging mberkahi lan njangkepi Nabi Musa kanthi kasagedan supados saestu paring pitulungan dhumateng bangsa israel punika.

Kados Nabi Musa ingkang dipun utus dening Gusti, kita sejatosipun ugi dipun utus lan paringi berkat ingkang mawarni-warni arupi kasarasan, kacekapan bab ekonomi, lsp. Lajeng kados pundi wangsulan kita dhumateng Gusti? Punapa kita sumadya diutus kangge mbiyantu lan tumindak ingkang nyata kangge tiyang sanes ingkang saestu mbetahaken pitulungan? [YAH]

“Pigesangan kita kedhah saged dados berkat”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak