Waosan: Jabur 104 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 182 : 1
Nats: “Lajeng sami minggah ing redi lan medhak ing jurang-jurang, ing papan ingkang sampun Paduka temtokaken.” (Ayat 8)
“Mendaki gunung lewati lembah, Sungai mengalir indah ke Samudra, Bersama teman berpetualang.” Punika lirik lagu serial anime “Ninja Hatori” ingkang nate tayang ing TV tahun 1997-an. Lagu punika asring dipun nyanyiaken nalika kula lelungan miyos Jurang Rangkok (margi pintas perbatasan Lumajang – Malang). Saking puncak Jurang Rangkok punika kita saged ningali kaendahaning jagad titahipun Gusti, sagara, gunung, pedhut, jurang-jurang, sawah, tetanduran, bale griya, ugi toya ing kalen. Nalika ningali kaendahan alam ingkang kados mekaten lajeng munjuk : “Duh Yehuwah, Kaluhurna sakehing titah Paduka.”
Juru Mazmur lumantar Jabur 104:1-9 nedahaken bilih Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi punika Gusti Allah ingkang Maha Agung. Juru Mazmur miwiti lampah gesangipun klayan munjukaken pepujen kagem Gusti Allah (Ay. 1-4). Piyambakipun ngakeni bilih Gusti Allah punika Maha Kuwaos, Gusti ingkang nguwaosi jagad samodra (Ay. 5-9). Lumantar alam ingkang katitahaken dening Gusti punika, paring piwulang kangge kita manungsa bab sinten ta Gusti Allah lan sinten ta kita manungsa punika? Wangsulanipun: Gusti Allah punika Gusti ingkang nitahaken manungsa lan kita manungsa punika titahipun Gusti ingkang dipun tresnani.
Bilih kita ningali kawontenan alam ing wekdal samangke, tamtu benten kaliyan 10-20 taun kepengker. Ing jaman samangke langkung kathah manungsa ingkang ngunggulaken gaya gesang konsumerisme lan budaya praktis. Sejatosipun ing kawiwitan, Gusti Allah nresnani sadaya titahipun, lan manungsa dipun tugasi kangge jagi lan ngrimati alam titahipun Gusti punika, sanes dipun risak. Kita punika manungsa titahipun Gusti, sumangga kita saged njagi lan ngrimati alam ing sakiwa tengen kita kanthi tanggel jawab. Kita wujudaken saos sokur kita dhumateng Gusti lumantar pepujenan lan tindak tanduk kita ingkang sae sauruting gesang kita. Sumangga kita dados tuladha ingkang sae kangge anak putu kita, bab njagi lan ngimati alam lingkungan kita, sampun ngantos anak putu kita mboten komanan kaendahaning titahipun Gusti. Gusti paring kakiyatan lan kasagedan kangge kita. Amin. [dea].
“Kita winates ing bab yuswa, ananging patuladan ingkang sae lan leres tansah lestantun.”