Nggrundel, Kejungkel Pancaran Air Hidup 7 Juni 2024

7 June 2024

Waosan: Pangandaring Toret 1 : 34 – 40  |  Pamuji: KPJ. 111
Nats: Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.(Ayat 1)

Waosan kita punika mratelakaken kados pundi dukanipun Gusti Allah nalika mireng panggrundelipun para telik sandi ingkang sampun ngayahi jejibahan ningali kahanan nageri Kanaan. Negeri ingkang dipun cawisaken Gusti Allah dados nageri anggenipun bangsa Israel nampi katentreman, binerkahan kados ingkang kaprasetyaaken dening Gusti Allah. Para telik sandi ingkang cacahipun 10 utusan ing antawisipun 12 utusan saestu nguciwani tumrap Musa ugi Gusti Allah piyambak, karana ngaturi pawartos ingkang murugaken bangsa Israel ajrih, kecalan pangajeng – ajeng, rumaos mokal badhe dumugi ing nageri ingkang kacawisaken Gusti Allah. Kosokwangsulipun, kalih utusan sanesipun inggih punika Kaleb lan Yosua ngaturi pawartos ingkang nentremaken manahipun bangsa Israel supados mboten mamang, mboten mangu – mangu, nanging pitados dhumateng patulunganipun Gusti. 10 utusan sanesipun kukuh anggenipun netebi pamanggihipun bilih bangsa Israel mboten saged lumebet ing nageri Kanaan. Wangkoting manah ingkang wujudipun mboten pitados lan wanuh tumraping pangandikanipun Gusti punika ingkang dados dukanipun Gusti ngantos supaos: anjawi Kaleb lan Yosua, tiyang – tiyang kalawau mboten dipun parengaken mlebet ing nageri Kanaan.

Waosan kita punika asung piwucal tumrap para pitados kagunganipun Gusti:

  1. Gusti sampun nyawisaken berkah tumrap para kagunganipun supados gesangipun tansah tentrem.
  2. Berkah punika kedah dipun upadi klayan manah ingkang tatag lan tanggon, krana berkahipun Gusti punika sinarengan klayan ujian lan pambengan.
  3. Nalika ngupadi berkahipun Gusti sampun ngantos kita nggrundel, nanging sumangga kita kukuh, wanuh dhumateng pangandikanipun Gusti Allah, nalika kita sami nampi mewarni – warni pambengan.

Namung wonten 2 prekawis kemawon nalikanipun kita ndherek Gusti salaminipun gesang ing alam ndonya. Sepisan, gesang kebak ing panggrundel ingkang wusananipun kejungkel. Kaping kalih, gesang kebak ing pangucap sokur ingkang wusananipun subur. Sumangga kita kiyat anggenipun ngadepi mawerni-werni pambengan. Kita pasrahaken sawetah gesang kita namung wonten asta-Nipun Gusti. Amin. [Japri].

“Aja sira sok gampang nggrundel, marai kejungkel.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak