Binerkahan Dados Kangunganipun Gusti Renungan Harian 7 Juni 2019

7 June 2019

Bacaan : Yesaya 44 : 1 – 5 | Pamuji : KPK 129 : 1
Nats : ” Sebab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira lan berkahing Sun marang anak putunira.” [ayat 3]

Wong bodho kalah karo wong pinter, wong pinter kalah karo wong kwasa, lan wong kwasa kalah karo wong bejo. Mekaten unen-unen ingkang kita tingali wonten ing gesang menika. Lajeng tiyang bejo kawon kaliyan tiyang menapa ?

Nah menika ingkang radi ewet, limrahipun ingkang bejo nggih mboten nate kawon. Nanging menggah ing gesanging para pendherekipun Gusti, tiyang bejo menika taksih kawon klayan tiyang binerkahan. Krana tiyang bejo asring mbandhingaken klayan kawontenan ingkang langkung nyedhihaken. Ananging tiyang binerkahan mboten ngangge mbandingmbandingkaken. Menawi isih bejo kecelakaan krana namung babras sukunipun, tiyang binerkahan mboten ngantos kecelakaan.

Kados dene Israel ingkang dados umat kesayanganipun Gusti estu binerkahan, malah ing waosan kita kaserat para putu ugi pinaringan berkah mawurahan. Pengalaman sesarengan Gusti nyagetaken kita ugi paring paseksi bilih para kagunganiPun mboten dipunumbar nanging dipungatosaken tumrap gesang ing wiwitaning mila. Kita binerkahan klayan katresnan, patunggilan ingkang ngiyataken lan ugi kabingahan prasaja saben dinten ugi gesang ingkang estu kita raosaken ngantos dumugi sakmangke. Berkah lan katresnan menika dados setunggal kados dene arta ingkang mboten pisah. Mila sumangga sami suka bingah ing gesang senaosa kebak ing prekawis nanging saged ningali bilih prekawis menika pratandha Gusti ngagem minangka margi kangge nelakaken katresnanipun. Kanthi menika kita ugi kakiyataken kados dene Bapa Yakub ingkang pinaringan prasetyanipun Gusti, binerkahan selaminipun. Amin. [LUV]

“Diberkati untuk menjadi Berkat”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak