Sampun Ngantos Kesupen! Pancaran Air Hidup 7 Januari 2026

7 January 2026

Waosan: 1 Para Raja 10 : 1 – 13  |  Pamuji: KPJ. 413
Nats: “Sarehne Pangeran Yehuwah asih dhateng tiyang Israel ing salami-laminipun, mila nunten njumenengaken panjenengan dados ratu supados nindakaken kaadilan saha kaleresan.” (Ayat 9b)

Ing Minggu Epifani punika, kita dipun ajak nggatosaken cahyaning Gusti ingkang mijil ing gesang kita. Awit punika gesang kita kedah nyunaraken pepadhang dhateng sesami. Nanging salebeting kasunyatan gesang asring nalika kita ngalami sukses, pikantuk kalenggahan ingkang sae, dipun alembana dening tiyang sanes, manah kita gampil kesupen. Kita asring rumaos bilih sadaya kasuksesan, kalenggahan, pangalembana punika awit saking kiyat lan kapinteran kita piyambak. Kamangka, Gusti Allah tansah nunggil ing saben proses gesang kita lan sadaya kasuksesan kita punika sejatosipun minangka sih rahmat-Ipun Gusti.

Wonten ing Kitab 1 Para Raja 10:1-13, kita mirengaken cariyosipun Ratu Syeba ingkang gumun sanget mirsani kawicaksanan lan kasugihanipun Prabu Suleman. Ratu Syeba mboten namung gumun, nanging piyambakipun ugi ngluhuraken Gusti Allah. Piyambakipun ngendika, “Pinuji Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang karenan dhumateng panjenengan, satemah lajeng nglenggahaken panjenengan ing dhamparing karajan Israel!” (Ay. 9a). Punika nedahaken bilih Ratu Syeba mangertos bilih sadaya kawicaksanan saha kasugihanipun Prabu Suleman punika sanes saking kiyatipun Prabu Suleman piyambak, ananging saking sih-rahmatipun Gusti Allah ingkang ageng. Gusti Allah ingkang miji lan Gusti Allah piyambak ingkang karsa maringi Prabu Suleman kawicaksanan lan kasugihan.

Ing minggu Epifani punika, sumangga kita sami ngenget-enget, nalika kita ngalami kasuksesan wonten ing papan padamelan, paladosan, pasinaon, ugi ing brayat, sampun ngantos kita kesupen kaliyan Gusti Allah ingkang tansah nunggil gesang kita. Sadaya punika sanes amargi kita kiyat, wicaksana, pinter, lan sugih kita nanging sadaya punika awit saking sih-rahmat-Ipun Gusti Allah ingkang ageng dhateng kita. Mangga kita tansah ngaturaken panuwun sokur, ngluhuraken Asmanipun Gusti, lan setya ndherek Gusti. Kita raosaken pangreksanipun Gusti ing saben lampah gesang kita. Awit ing cahyaning Epifani punika, Gusti Allah karsa ngatingalaken bilih Panjenenganipun punika sumbering berkah salebeting gesang kita. Amin. [Prist].

“Gesang kita punika mukti awit saking Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak