Berkahing Gusti Ingkang Maha Mirah Pancaran Air Hidup 7 Februari 2026

7 February 2026

Waosan: Jabur 112 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 427
Nats: “Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone.” (Ayat 1)

Rikala samanten, wonten satunggaling tiyang ingkang gesangipun prasaja, nanging manahipun tansah sumunar kabingahan. Sanadyan mboten gadhah bandha donya ingkang kathah, piyambakipun tansah rumaos cekap lan tentrem. Punapa malih, piyambakipun remen sanget paring pitulungan dhateng sesaminipun ingkang nandhang sangsara. Pakaryanipun mboten sanes inggih punika mbiyantu sinten kemawon ingkang mbetahaken, tanpa ngajeng-ajeng piwales. Gesangipun punika kados dene toya sumber ingkang tansah mili, maringi kasugengan dhateng tiyang sanes. Punika nggambaraken babagan berkah ingkang sejati, ingkang mboten namung arupi bandha donya, nanging saking manah ingkang tulus iklas ngladosi Gusti lan sesami.

Wonten ing Jabur 112:1, kapratelakaken bilih, “Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone.” Tiyang ingkang ajrih asih dhateng Gusti punika tiyang ingkang ngurmati lan nglampahi dhawuhipun Gusti kanthi setya. Kautamanipun punika badhe ngasilaken berkah ingkang ageng, sanes namung kangge dhiri pribadi, nanging ugi kangge tiyang sanes. Kados dene wit ingkang oyotipun kiyat, gesangipun tiyang ingkang setya dhumateng Gusti badhe kukuh lan mboten gampil goyang. Karsanipun Gusti punika sanes prekawis ingkang awrat, nanging dados panduan tumuju gesang ingkang kebak kabingahan lan katentreman. Berkah ingkang dipun paringaken Gusti punika mboten namung awujud arta, drajat lan pangkat, nanging ugi kawicaksanan, kaluhuran, saha keturunan ingkang setya bekti dhumateng Gusti.

Kadosdene cariyos ing ngajeng, tiyang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti badhe nggadhahi manah ingkang luhur, remen paring pitulungan, lan mboten nggadhahi manah meri. Berkah ingkang sejati punika sanes saking pinten-pinten bandha ingkang kita gadhahi, nanging saking pinten-pinten kabecikan ingkang saged kita paringaken dhumateng sesami. Sumangga kita gesang kanthi ajrih asih dhumateng Gusti, nindakaken dhawuh-Ipun, lan dados talanging berkah kangge tiyang sanes. Awit saking punika, kita badhe ngraosaken katentreman lan kabingahan ingkang sejati, ingkang mboten saged dipun pendhet saking kita. Amin. [Prist].

“Manah ingkang suci, berkah ingkang lestari.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak