Waosan: Wilangan 27 : 12 – 23 | Pamuji: KPJ. 348
Nats: “Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkang nguwaosi rohing sadaya tumitah, mugi karsaa ngangkat satunggaling tiyang, … satemah pasamuwan kagunganipun Sang Yehuwah punika mboten ngantos kados menda ingkang tanpa pangen.” (Ayat 16, 17b)
Saksampunipun ngrabi Peri Setyawati, Mbah Kodok mbangun griya kangge semahipun ingkang mbobot tuwa. Anggenipun mbangun griya punika wonten ing sendhang Ngiyom ing tengah alas Ngawi. Awit sendhang punika papan moksanipun Sang Putri Kraton Majapahit ingkang lajeng dados peri sisihanipun Mbah Kodok. Pramila sampun ngantos wonten tiyang ingkang ngganggu sendhang Ngiyom punika. Sejatosipun punika cariyos “Mbah Kodok Ngrabi Peri” ingkang kondang awit kiprahipun seniman asal Ngawi, Bramantyo Prijosusilo. Piyambakipun nepangaken legenda enggal ingkang kaanggep saged njagi lestarinipun sumber toya ing tengah alas Ngawi supados mboten ngantos asat. Piyambakipun sadar bilih semangat nguri-nguri jagad kedah dipun lajengaken kanthi cara enggal.
Murih lelampahan bangsa Israel lestari, kedhah wonten pemimpin enggal ingkang nglajengaken mimpin lampahing bangsa Israel tumuju Kanaan. Musa sampun sepuh lan kedhah lereh saking tugasipun. Piyambakipun kanthi sadar nyuwun supados Gusti Allah kepareng miji tiyang ingkang mimpin bangsa Israel. Awit ingkang saged namtokaken sinten ingkang kajibah dados pemimpin namung Gusti Allah ingkang nguwaosi rohing sadaya tumitah. Namung Gusti Allah ingkang nggadhahi panguwaos mranata gesang bangsa Israel murih mboten ngantos kados menda ingkang tanpa pangen. Lajeng Gusti Allah miji senopati Yusak bin Nun ngemban kawajiban ngirid bangsa Israel mlebet ing tanah Kanaan. Punika dados bukti bilih Gusti Allah mboten negakaken umat kagungan-Ipun mlampah piyambakan. Gusti kersa mranata gesang umat-Ipun kanthi kawicaksanan-Ipun.
Owah-owahan jaman mboten saged kita selaki. Saben jaman wonten carita lan tokohipun piyambak-piyambak. Kados lelampahan ‘dauran’ Pinituwa lan Diaken GKJW. Pasamuwan-pasamuwan ing GKJW sampun sami ngepyakaken Pinituwa lan Diaken Pasamuwan kagem mangsa bakti 2025-2027. Mangga sadaya proses ‘dauran’ punika dados sarana nglajengaken ngupadi lestarinipun pasamuwan. Prasasat nyerat gagrak enggal pagelaran, pasamuwan kedhah lestari sinaosa gantos generasi lan paraganipun. Pasamuwan tetep ngemu roh ingkang sami, inggih punika mbabarakan karsanipun Gusti. Mboten namung Pasamuwan, kita ugi kedhah njagi lestarinipun jagad kanthi ngulungaken tongkat estafet saking setunggal generasi tumuju generasi salajengipun. Amin. [jarwi].
“Gagrak anyar kudu kacipta murih jagad lestari.”