Waosan : Markus 1 : 29 – 39 | Pamuji : KPJ. 178
Nats: “Kang lara banjur dirawuhi, tangane diasta lan ditangekake. Padha sanalika ilang lelarane, banjur ngladeni tamu-tamune“ (Ay. 31)
“Lho pak Suto kok mboten ketingal ndherek rapat.”…..”Pak Suto nembe sakit, sakmenika wonten griya, dereng kiyat badanipun, tasih pemulihan.” Wicantenan ingkang kados mekaten punika asring kita mirengaken. Pawartos bilih sedherek kita ingkang nembe sakit kedah istirahat utawi mbetahaken wekdal supados saestu saras lan saged makarya malih ing gesang padintenan. Menawi kita raosaken sedaya pengobatan ingkang kalampahan ing gesang kita mbetahaken wekdal supados obat punika saged rumesep lan tiyang ingkang sakit punika saged saras malih. Wekdal punika wonten ingkang dangu lan wonten ingkang sekedhap.
Sak sampunipun lelados ing Sinagoge, Gusti Yesus tindak dhateng griyanipun Simon lan Andreas, Gusti Yesus mirsani ibu marasepuhipun Simon ingkang sakit panas sanget. Gusti Yesus manggihi ibu punika, astanipun dipun cepeng lajeng Gusti Yesus nyarsaaken Ibu punika. Nalika ngraosaken saras, ibu punika lajeng ngladosi Gusti Yesus lan para sakabat. Mboten anamung Ibu marasepuhipun Simon ing dipun sarasaken, ananging Gusti Yesus ugi nyarasaken sedaya tiyang ingkang marek sowan amargi kasisahan ingkang dipun sanggi. “… wong-wong kang lara lan kang kasurupan dhemit, padha disowanake kabeh marang ngarsane Gusti Yesus, Gusti Yesus banjur nyarasake…” (Ay. 32, 34)
Nalika Gusti piyambak ingkang makarya sedaya masalah saged tuntas. Sedaya pambengan ing pigesangan mesthi bakal karampungaken kanthi sae. Pakaryanipun lan berkahipun Gusti punika kagem sinten kemawon ingkang purun marek sowan ing ngarsanipun, tansah sumarah lan pracaya. Gusti Yesus tansah madosi umatipun ingkang mbetahaken kawilujengan, tansah lelados ing pundi-pundi panggenan. Sedaya punika katindakaken amargi Gusti Yesus kebak Sih Kawelas dhatheng umat kagunganIpun. Karana punika, sumangga kita nglampahi tumindak kados dene ingkang sampun dipun tuladhaaken dening Gusti Yesus, tansah lelados lan tansah paring katresnan dhateng sesami. (Mal).
“Lakune wong pracaya, tansah welas asih”