Gusti Allah Iku Piye? Renungan Harian 7 Februari 2020

7 February 2020

Bacaan : Yesaya 29 : 1 – 12 | Pujian : KPJ. 64
Nats: “Sira bakal ndeleng rawuhe Sang Yehuwah Gustine sakehing tumitah kang sinartan ing gludhug, lindhu lan swara kang ngedab-edabi, sinartan ing lesus lan prahara lan sinartan ing geni kang memangsa nganti gusis.” (Ay. 6)

Saben lare alit tamtunipun nggadahi idola ingkang dados jagoan lan ingkang dipun cariosaken saben dinten nalika pepanggihan kaliyan rencangipun. Jagoan menika dipun gambaraken mawarni-warni, menawi superman menika saged mabur lan nggadahi kekiyatan kangge mitulungi tiyang kathah ingkang nandhang sangsara. Menika gegambaran tokoh kartun kangge para lare. Lah ing samangke menawi gegambaranipun Gusti Allah dateng kita kados menapa? Tamtunipun kita nggadahi gegambaran Gusti Allah ingkang mawarni-warni, karana pengalaman iman kita mboten sami. Wonten ingkang nggambaraken Gusti Allah menika kados Bapa, Raja, Juruwilujeng, Sumbering Gesang lsp. Gegambaran menika ingkang nentremaken lan ketinggal rawuhipun dipunremeni saben tiyang. Kawontenan menika karaosaken benten kaliyan waosan kita ing samangke. Gegambaran rawuhipun Gusti Allah menika ndadosaken ajrih saben tiyang awit dipunsebataken kados gludhug, lindhu, lesus lan geni.

Rawuhipun Gusti Allah ing waosan kita menika badhe paring paukuman dateng bangsa Israel awit sedaya tiyang Israel menika mboten nglampahi menapa ingkang leres ing ngarsanipun Gusti Allah. Pangibadah ingkang dipunlampahi menika namung simbol lan mboten dipunlampahi kanthi manah ingkang tulus. Para Imam lan pemimpining bangsa Israel sampun mboten setya malih dhumateng Gusti lan ndamel sakpikajengipun piyambak. Sejatosipun kangge tiyang ingkang nggadahi kawicaksanan, mboten badhe gesang sembrana lan nglirwaaken pranataning Gusti Allah. Gusti Allah sampun ngengetaken bangsa Israel lumantar nabi Yesaya, ananging mboten dipunlampahi lan malah tetep gesang sakpikajengipun piyambak. Gusti Allah rawuh mboten namung paring paukuman supados bangsa Israel sadar, nanging Gusti Allah ugi rawuh badhe paring kawilujengan bilih bangsa Israel mratobat.

Sumangga kita tansah sadar bilih Gusti ingkang rawuh menika badhe paring gesang ingkang kebak kawilujengan, sanadyan kadang kala lumantar perkawis ingkang mboten kita remeni. (GRA).

“Gesang kita saben dinten nemtokaken kados pundi katresnanipun Gusti ”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak