Wohing Pamratobat Pancaran Air Hidup 7 Desember 2025

7 December 2025

Waosan: Matius 3 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ. 239
Nats: “Yen mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.” (Ayat 8)

Wonten pasamuwan ingkang mayoritas warga desanipun tiyang Kristen. Biasanipun para tiyang Kristen punika sregep ngabekti dhateng greja, senadyan kedah mlampah ing margi ingkang tebih. Sawetawis ugi gadhah kalenggahan lan ndherek peladosan ing pasamuwan minangka pinitua, diaken, GI, pengurus kelompok, pengurus komisi, panitia lsp. Nanging mrihatosaken, gesangipun sawetawis tiyang Kristen punika mboten nedhahaken lan nyunaraken “jati dirinipun” minangka tiyang Kristen, taksih kathah tumindhak ala ingkang kelampahan. Contonipun: totoan (perjudian), mendhem, selingkuh, pasulayan, satru ingkang njalari tiyang mboten purun aruh, taksih kelampahan ing gesang saben dinten.

Waosan kita punika mratelakaken Nabi Yokanan ingkang paring piwucal dhumateng para tiyang Yahudi supados mratobat. Piwucal pamratobat kagelaraken kangge mapag lan nyawisaken rawuhipun Gusti Yesus Kristus Sang Masih ingkang sampun dangu dipun rantos. Mila kathah tiyang saking kutha Yerusalem, tanah Yudea, lan wewengkon ing sakiwatengenipun bengawan Yarden ingkang kabaptis lan sami ngakeni dosanipun (Ay. 1-6). Nanging nalika nabi Yokanan mirsa tiyang Farisi lan Saduki nyuwun kabaptis, panjenenganipun malah ngancam kanthi sora. Nabi Yokanan nyebat tiyang Farisi lan Saduki kadosdene ula bedhudhak, kangge negesaken bilih sejatosipun tiyang Farisi lan Saduki punika gadhahi watak angkara budi, julig, remen ngapusi, kumalungkung, mboten jujur lan pangucapipun kebak wisa ingkang ala. Pramila nabi Yokanan mratelakaken bilih tiyang punika saestu mratobat kedahipun saged metokaken woh ingkang sembada (Ay. 7-12).

Saking waosan punika, piwucal luhur ingkang saged kita damel panuntuning gesang kita:

  1. Dados tiyang Kristen mboten namung saderma ngrasuk agami Kristen, nindhakaken peladosan lan nindhakaken pangibadah kanthi ajeg. Ananging dados tiyang Kristen kedahipun tansah nuladha punapa ingkang katindhakaken dening Gusti Yesus Kristus lumantar pikiran, pangucap, lan tumindhak ing salebeting gesang kita.
  2. Lumebet ing mangsa Advent wekdal punika, sumangga kita sami niti priksa kawontenaning gesang kita, ngakeni sadaya dosa, lan kalepatan ingkang sampun kita tindakaken saha tansah mbudidaya kangge mratobat kanthi saestu, temahan wonten ewah-ewahan ingkang sae ing gesang kita minangka wujud woh ingkang sembada. Amin [G-mbul].

“Pamratobat kuwi dalan kanggo cedhak Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak