Tanggel Jawab Nindakaken Tugas Pancaran Air Hidup 7 Desember 2024

7 December 2024

Waosan: Lukas 9 : 1 – 6  |  Pamuji: KPJ. 222
Nats: “Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara.” (Ayat 2)

Laporan pertanggungjawaban dhateng ‘atasan’ saksampunipun nindakaken tugas pakaryan punika bab ingkang wajib utawi limrah nalika kita nyambut damel ing lembaga. Laporan pertanggungjawaban punika minangka tanggel jawab kita tumrap tugas ingkang sampun dipun pasrahaken dhateng kita. Kita dipun utus ngrampungaken tugas amargi dhiri kita ‘pinitados’ kaliyan ingkang ngutus kita. Saklaminipun gesang, sejatosipun kita nggadhahi kathah tanggel jawab. Nalika kita sekolah, usaha, lan makarya, sadaya punika perlu tanggel jawab. Tanggel jawab punika mboten namung dhateng tiyang ingkang ngutus kita utawi atasan kita, ananging tanggel jawab punika ugi dhateng dhiri kita piyambak.

Mekaten ugi Injil Lukas 9:2, Gusti Yesus saksampunipun wungu lajeng ngutus para sakabat kangge martosaken Injil Kratoning Allah lan nyarasaken tiyang sakit. Gusti Yesus mesthekaken para sakabat lan pandherekipun nglajengaken pakaryanipun Gusti Allah ingkang sampun dipun tuladhakaken Panjenenganipun. Tanggel jawab punika perangan sikap integritas dhiri bilih sejatosipun para sakabat lan pandherekipun Gusti Yesus punika setya lan saged dipun pitados.

Tanpa dipun suwun, kedhahipun kita tansah paring laporan sarana tanggel jawab kita dhateng pimpinan kita. Tanggel jawab punika ingkang ndadosaken kita dados pribadi ingkang langkung dewasa lan mbentuk iman kita. Langkung-langkung nalika kita dipun pitados kaliyan Gusti Yesus nindakaken peladosan utawi nindakaken pakaryanipun Allah. Kita pitados bilih sejatosipun ing pungkasan gesang mangke kita badhe dipun suwuni tanggel jawab, sadaya ingkang sampun kita lampahi nalika kita gesang. Mila, sumangga kita sami sinau dados pribadi ingkang setya dhateng tugas lan tanggel jawab kita minangka umat kagungan-Ipun Gusti Yesus. Mangga kita nindhakaken dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus ing pigesangan kita srana tanggel jawab. Amin. [bk].

“Tanggel jawab kita dhumateng Gusti Yesus minangka pamimpin gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak