Sansaya Tuwuh Pancaran Air Hidup 7 Desember 2021

7 December 2021

Waosan: 2 Petrus 1 : 2 – 15 ǀ Pamuji: KPJ. 262 : 2
Nats:
“Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandung.”  (Ayat 10)

Ngangsu kawruh ing pendidikan akademik punika nggadahi wektu ingkang winates. TK 2 taun, SD 6 taun, SMP 3 taun, SMA 3 taun, Kuliah 4 taun. Kirang langkung 18 taun kangge ngangsu kawruh sacara akademik. Kalampahan ingkang mekaten punika saged dados sanguning gesang ing alam donya lan saged kangge ngupadi sandang, pangan, lan papan sacara mandiri. Ananging ingkang kasebat ngangsu kawruh sacara iman punika mboten winates wekdal lan umur. Malahan saged dipun tindakaken saumuring gesang kita, supados manungsa mboten rumaos sampurna anggenipun nggadahi iman. Iman kapitadosan punika saged tuwuh lan ngrembaka wonten ing Gusti Yesus Kristus.

Rasul Petrus nyerat layangipun kangge pasamuwan ing Asia Alit kalasemanten. Pasamuwan punika ngraosaken panganiaya sarta ngadepi pambengan kawontenanipun guru palsu. Saking prekawis punika Petrus paring pepenget, “Dados tiyang kristen punika kedah ngupadi gesang ingkang mursid lan nggadahi pengertosan bab Gusti Yesus ingkang leres.” Pasamuwan saged nuwuhaken iman kapitadosanipun punika lumantar katekunan, kamursidan, katresnan marang sadulur, pambudidaya ngemudeni dhiri (ayat 5-6). Sedaya punika muwujudaken iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus ingkang sampun paring piwulang lan tuladha.

Kita minangka pandherekipun Gusti Yesus kedah ngupadi lan mbudidaya iman kita supados tuwuh. Salebeting gesang sadinten-dinten, asring kita mireng tiyang ingkang wicanten,ngene ae wis apik, cukup, wis isok kok!. Tembung punika negesaken bilih tiyang punika mboten purun ngupadi lan mbudidaya sedaya kawontenan gesangipun nalika sampun pikantuk gesang ingkang miturut piyambakipun sampun sae. Wekdal punika kita lumebet ing minggu-minggu Adven, sumangga kita saestu mbudidaya iman kapitadosan kita supados saged tuwuh, langkung-langkung ngrembaka. Saestu nalika Gusti Yesus Kristus rawuh, kita sagah dipun timbali lan dipun piji dados pandherekipun ingkang setya. Amin. [dea]

 “Mbudidaya gesang ndherek Gusti tansah tuwuh lan nuwuhaken”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak