Gesang Kanthi Tentrem Rahayu Pancaran Air Hidup 7 April 2026

7 April 2026

Waosan: Kolose 3 : 12 – 17  |  Pamuji: KPJ. 460
Nats: “Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.” (Ayat 15)

Minangka warga GKJW, kita sadaya tamtunipun sampun wanuh kaliyan pepujian ingkang irah-irahanipun “Sakjege Aku Ndherek Gusti”. Pepujian punika dados pangaken minangka pandherekipun Gusti ngraosaken gesang ingkang binerkahan, kanthi manah ingkang ayem tentrem. Pramila kita tansah matur nuwun, ngaturaken saos sokur kita wonten ngarsanipun Gusti Yesus. Lajeng, punapa sadaya pandherekipun Gusti Yesus punika saged ngraosaken gesang ingkang binerkahan linandesan manah ingkang ayem tentrem? Lan kados pundi caranipun kita nggayuh gesang ingkang kebak tentrem rahayu?

Rasul Paulus paring piwucal dhumateng pasamuwan ing Kolose ingkang saweg ngadhepi “ajaran sesat”, ingkang paring piwucal bilih Gusti Yesus punika sanes Gusti Allah nanging namung manungsa limrah. Pramila, ing ngriki rasul Paulus negesaken bilih Gusti Yesus punika saestu Gusti Allah lan ugi manungsa. Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang manjalma dados manungsa. Lantaran sedan-Ipun ing kajeng salib lan wungun-Ipun saking antawisipun tiyang pejah dados bukti bilih Gusti Yesus punika saestu Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Krana seda lan wungun-Ipun sadaya titah kasinungan tentrem rahayu lan para tiyang pitados sami nampi kawilujengan saha gesang ing margining kayekten. Pramila, para tiyang pitados nggadhahi timbalan lan tanggel jawab mujudaken gesang ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti Allah, inggih punika gesang ingkang asih welas, loman, andhap asor, alusing bebuden, sabar, kebak katresnan, tansah saos sokur, lan nindhakaken punapa kemawon atas asmanipun Gusti Yesus (Ay. 12-17). Kanthi nindhakaken gesang ingkang sampun kasebataken punika dados margining umat mujudaken saha ngraosaken gesang tentrem rahayu.

Gusti Yesus sampun nyawisaken tentrem rahayu kangge kita. Pramila ingkang kedah kita tindakaken inggih punika ngupadi supados tentrem rahayu punika tansah dumunung ing sauruting laku gesang kita. Awit sadaya prekawis ingkang kita lampahi nemtokaken kados pundi kita gesang kanthi tentrem rahayu. Warta ingkang kita mirengaken, tetembungan ingkang kita ucapaken, tumindhak ingkang kita lampahi, pangangen-angen ingkang kita galih, sarta cara kita nanggepi kawontenaning gesang saged ngeneraken gesang kita saking tentrem rahayu. Pramila mangga kita purun ngewahi samukawis ingkang awon lan mranata gesang kita supados  “fokus” dhumateng pakaryan lan karsanipun Gusti Yesus. Amin. [G_Mbul].

“Tentrem rahayune Gusti Yesus iku ora ana ing awang-awang, nanging ana ing sajroning atimu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak