Uluk Salam Kang Nyantosakaken Pancaran Air Hidup 7 April 2024

7 April 2024

Waosan: Yokanan 20 : 19 – 31  |  Pamuji: KPJ. 345
Nats: Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!(Ayat 26)

Sampun limrah lan dados padatan ing gesang padintenan, saben – saben kita pepanggihan kaliyan sesami, kita wiwiti srana uluk salam. Makaten ugi ing swasana rapat ingkang resmi, uluk salam dados sarana kangge miwiti atur pambagya. Tamtu kita sedaya sampun mangertos tujuanipun uluk salam punika.

Gusti Yesus ugi ngagem uluk salam, “Tentrem rahayu anaa ing kowe” nalika pepanggihan kaliyan para sakabat mliginipun dhateng Thomas ingkang taksih mangu-mangu tumrap pawartosipun para sakabat bilih Gusti Yesus sampun wungu. Uluk salamipun Gusti Yesus kalajengaken tumindak ingkang nyantosakaken kapitadosan, ugi pangajeng-ajeng para sakabatipun, srana nedahaken asta lan madaranipun ingkang sampun ketama ing tatu. Salamipun Gusti Yesus nyirnakaken sakathahing karupekaning manahipun Thomas lan para sakabat. Thomas lan para sakabat ingkang swaunipun mangu-mangu dados teteg lan tatag, ingkang swaunipun nglokro ing pangajeng-ajeng, sapunika dados kiyat. Para sakabat ingkang swaunipun kalimputan ing pepeteng lan ajrih, sapunika dodos padhang lan gumregah.

Kita sami para kagunganipun Gusti maligi ing GKJW, kita ugi nggadhahi uluk salam ingkang “khusus“ inggih punika “Salam Patunggilan.“ Salam Patunggilan punika ngemu suraos bilih kita sedaya ingkang katunggilaken dening Gusti Yesus ing GKJW punika ndherek handarbeni lan ngraosaken tunggal timbalan, tunggal pangajeng-ajeng, tunggal rasa, tunggal iman lan kapitadosan. Salam patunggilan punika ugi ingkang nuwuhaken kakiyatan, kasetyan, lan pangajeng-ajeng supados gesang kita ing pasamuan tansah kebak sih katresnanipun Allah. Mila sumangga kita sami nindakaken gesang ingkang sembada kaliyan uluk salam kita punika. Sampun ngantos kita tumindak cidra, awit prekawis punika badhe dadosaken kuciwaning manah pasamuwan. Mangga kita nglampahi gesang punika kanthi tumindak bener lan pener. Rahayu tumrap kita ingkang tansah nguri-nguri salam patunggilan. Gusti Yesus mberkahi kita. Salam Patunggilan. Amin. [Japri].

“Ayo padha sembada, aja nyidrani Salam Patunggilan kita, ben ora cilaka.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak