Kinanthia Ing Gusti Pancaran Air Hidup 7 April 2021

7 April 2021

Waosan: Jabur 118 : 14 – 24 | Pamuji : KPJ. 178A : 1, 2
Nats: “… kadadeyan iku saka ing Pangeran Yehuwah, sarta elok ing pandeleng kita.” (Ayat 23)

Tamtu kita nate ngraosaken kawontenan ingkang sedhih lan njalari kita rumaos awrat nglampahi gesang. Wonten pemanggih bilih menawi mboten wonten masalah tamtu kita menika mboten saged maju lan kiyat. Awit gesang menika lumebet sajroning masalah lan margi ingkang prelu kita lampahi ngantos paripurnaning gesang. Nanging saged ugi dados paseksi bilih gesang menika endah nalika kita sumeleh lan pasrah dhateng Gusti ingkang akarya jagad. Wosipun manah ingkang prasaja lan mboten mburu kasampurnan menika dados tuking kabingahan.

Pemazmur menika dados tuladha anggenipun mangun paseksi bilih ing gesangipun sampun nemu kabegjan ageng. Bilih Sang Prabu Dawud menika sampun dipun irid Gusti piyambak, temahan lampahing gesangipun katata dening Gusti lan kaslametaken saking bebaya. Temahan sakmangke saking tiyang limrah winisudha dados pemimpin Israel nggantos raja Saul. Lelampahan prasaja nanging mbingahaken menika dados pengaken Sang Prabu Dawud kados kaserat ing ayat 23.

Watu ingkang mboten piguna sakmangke dados ingkang paling unggul krana pitulunganipun Gusti. Senaosa pancen ndherek ing margining Gusti menika awrat ananging Gusti paring kabingahan dhateng kita. Kita dipuntulungi kanthi cara ajaib. Gesang ingkang binirat saking dosa estu ndadosaken kita kiyat lan setya ngadhepi sawarnining kawontenan gesang awit kita nggadahi pengajeng-ajeng bilih gesang menika mboten muspra. Awit ingkang kagungan gesang sampun milih kita kangge katebus lantaran wungunipun Gusti Yesus. Lan sakmangke kanthi asukarena, mangga kita dados paseksinipun Gusti bilih estu Gusti Yesus nresnani lan mberkahi kita kanthi luber. Amin. (LUV)

 “Ngabaraken katresnanipun Gusti menika sanes supados kita angsal kamulyan, ananging supados sesami ngraosaken kasaenanipun Gusti ing gesang menika.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak