Waosan: 1 Para raja 18 : 17 – 19, 30 – 40 | Pamuji: KPJ. 124
Nats: “… mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, supados bangsa punika nyumerepana, bilih Paduka punika Gusti Allah, dhuh Yehuwah, saha bilih Paduka ingkang damel mratobating manahipun.” (Ayat 37)
Cobi kita bayangaken, kita ngadek ing pinggir tlaga, badhe nyebrang tlaga punika. Ing ngajeng kita, wonten kalih prau jejer. Karana kepingin atraksi, kita milih masang suku tengen ing prau kapisan lan suku kiwa ing prau sebelahipun. Wiwitanipun, nalika tlaga taksih anteng, kita rumaos aman. Kados-kados kita nggadhahi kalih prau punika. Nanging, sithik baka sithik arus toya wiwit owah. Prau kapisan geser ngetan, dene prau lintunipun ngilen. Saya dangu, suku kita saya mekar, lajeng ngraosaken sakit, otot-otot katarik, lan mboten saged njagi keseimbangan. Kita mboten saged ngendhaleni arah kalih prau punika. Kita mboten saged wonten ing tengah tanpa dhawah ing toya. Manawi kepingin slamet, kita kedah nilaraken salah setunggalipun prau punika lan mindhahaken sadaya bobot badan kita dhateng prau ingkang paling kiyat.
Cariyos ing 1 Para Raja 18 punika kados “arus toya” kangge bangsa Israel. Umat sampun dangu jumeneng ing inggilipun kalih prau: manembah dhumateng Gusti Allah, nanging ugi mboten purun nilaraken Brahala. Pramila, Nabi Elia paring piweling, “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku?” (Ay. 21). Bangsa Israel mangu-mangu sanes amargi sengit dhumateng Gusti, nanging awit kirang pitados bilih Gusti Allah kemawon sampun cekap. Ing kahanan punika Nabi Elia paring bukti bilih “prau” donya (Brahala) punika, prau ingkang bocor sarta namung nguciwani kemawon. Ing gunung Karmel, nabi Elia paring bukti kanthi “adu” pisungsung kurban. Para nabi Baal kanthi natoni badanipun piyambak mboten wonten ewah-ewahan punapa, nanging pandonganipun nabi Elia kajawab dening Gusti Allah kanthi geni ingkang ageng nyamber pisungsung kurbanipun.
Raos mangu-mangu punika estu damel sayah ing penggalih lan badan kita. Punika ngginakaken sadaya tenaga kita nanging mboten dumugi ing tujuan. Menawi kita terus mangro tingal penggalih, antawisipun Gusti lan pepenginan kita pribadi ingkang mboten leres, wusananipun kita badhe “klelep” ing salebeting kuciwa. Ing ngriki, Gusti Allah ngersakaken kita mlumpat kanthi sumarah ing “Prau-Nipun.” Sampun ngantos kita mangu-mangu malih. Mangga kita nilaraken sadaya sesambungan ingkang damel penggalih kita mangro tingal. Tansaha pitados! Gusti Allah ingkang mangsuli kanthi geni punika, Gusti ingkang kwasa ngrimati gesang kita umat kagungan-Ipun. Amin. [mojoo].
“Penggalih ingkang mangu-mangu punika penggalih ingkang mboten badhe dumugi ing tujuan.”