Kesengsem Pancaran Air Hidup 7 Agustus 2021

7 August 2021

Waosan: Jabur 34 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 450
Nats:
“Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku, payo padha bebarengan nyuwurake asamane!” (Ayat 4).

Bu Tini punika piyantun ingkang grapyak lan sregep ing peladosan, tansah siap siaga paring pitulungan tumrap tiyang ingkang mbetahaken. Amargi sikap ingkang kados mekaten, kathah sanget tiyang ingkang remen lan kesengsem kaliyan Bu Tini, lajeng asring paring pangalembana. Nanging, ing sawijining dinten Bu Tini kenging musibah. Yatra ingkang sampun dipun cawisaken saperlu mbayar sekolah putra lan putrinipun ical ing margi. Kathah tiyang ingkang nyumerepi bab musibah punika, nanging namung sekedik tiyang ingkang paring dukungan ugi kakiyatan, punapa malih pitulungan.

Cariyos Bu Tini punika paring gambaran bilih manungsa punika saged kesengsem lan paring komentar ingkang sae nalika ningali utawi ngraosaken bab-bab ingkang nyondongi karsa ing manahipun. Nanging dereng tamtu manungsa punika kersa mujudaken raos manah punika lumantar tumindak nyata ingkang kebak tresna lan asih. Mekaten ugi manungsa saged kesengsem lan ngluhuraken Asmanipun Gusti nalika mirengaken pepujian utawi reraosan ing pangabekti, nanging dereng tamtu nggadahi tekad ing manah kagem ngluhuraken Asmanipun Gusti lumantar peladosan ing dinten padintenan.

Prabu Dawud lumantar waosan kita ing dinten punika paring tuladha ingkang sae. Prabu Dawud punika kesengsem kaliyan katresnanipun Gusti ingkang sampun nyarengi lan ngrimati gesangipun, lajeng mujudaken raosing manah punika kanthi pamuji sokur. Ing maneka werna kahanan, Prabu Dawud mboten nate kesupen lan tansah ngulukaken pamuji lumantar tetembangan. Raos bingah nalika nyatunggil kaliyan Gusti tansah kawujudake lumantar gesang taat.

Tamtu kita ugi asring kesengsem, mliginipun nalika kita ngraosaken agenging sih katresnanipun Gusti ingkang sampun kita tampi. Mugi raos kesengsem punika tansah kita imbangi kaliyan gesang taat ingkang konsisten, kadosdene Prabu Dawud. Taat nindakaken pangabekti, taat nindakaken prekawis ingkang kebak welas asih, ugi taat tumut ing peladosan kanthi bingah ing manah. (xie).

 “Sumangga samekta, tansah makarya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak