Mbangun Paseduluran Renungan Harian 7 Agustus 2020

7 August 2020

Waosan : Lelakone Para Rasul 18 : 24 – 28 | Pamuji : KPK. 319
Nats:
Sarehing Apolos kapengin menyang ing tanah Akhaya, sadulur-sadulur ing Efesus nuli kirim layang marang para siswa ing kono, supaya ditampanana. Satekane ing Akhaya, marga saka sih-rahmate Gusti Allah banjur dadi wong kang migunani banget tumrap para wong kang padha pracaya” (Ay. 27)

Wonten salah setunggaling bapak ingkang matur,”Senadyan aku ora sugih bandha ning aku iki sugih dulur, menyang endi-endi aku ora kuatir amarga akeh sing dadi dulurku.” Saking pitutur bapak punika kita mangertos bilih kabingahan bapak punika boten dipun ukur kaliyan bandha donya nanging saking kathahipun sederekipun. Piyambakipun ngakeni boten rumaos kuatos karana katah sederekipun ingkang paring pitulungan dhateng piyambakipun. Pramila estu endahipun bilih kita minangka warga GKJW saged raket, antawis pasamuwan setunggal lan sanesipun katunggilaken ing Gusti Yesus lumantar GKJW dados sadulur.

Waosan kita ing Lelakone Para Rasul punika nyariosaken Apolos, salah setunggaling tiyang Yahudi saking Aleksandria. Apolos tindak dhateng kutha Efesus lajeng paring piwucal bab Gusti Yesus dhateng pasamuan Efesus. Selajengipun kacariosaken Apolos pinanggih Priskila lan Akwila ingkang nampi piyambakipun. Saking Priskila lan Akwila, Apolos nampi piwucal bab Gusti Yesus ingkang langkung jangkep malih. Mekaten ugi tuwuh pasederekan ing antawisipun Apolos, Priskila lan Akwila. Nalika Apolos badhe dhateng Akhaya, pasamuan Efesus punika  nyerat layang dhateng pasamuan Akhaya bab Apolos. Karana punika nalika Apolos dugi ing Akhaya, pasamuan ing ngriku sami nyambeti kanthi suka bingah sarta dadosaken Apolos minangka sederekipun.

Ing wulan Agustus punika, GKJW nindakaken wulan pembangunan GKJW. Karana punika ing wulan pembangunan punika, kita dipun ajak sami-sami mbangun gesang paseduluran ing pasamuwan. Kita sami purun ngormati sarta ngajeni dhatenga sinten kemawon ing satengah-tengahing pasamuan. Kita purun ndedonga, nglipur, maringi semangat lan kakiyatan dhateng warganing pasamuan ingkang ringkih, kesisahan, nglokro. Kita mbangun paseduluran kaliyan sesami kita agesang, sokur bilih kita ugi purun mbangun paseduluran lintas iman. Kita boten mbenten-bentenaken tiyang sanes karana jabatan, derajat lan pangkatipun. Mangga kita saged dados dulur ingkang ramah, sae lan saged dados berkah kangge tiyang sanes. (AR).

“Pasaduluran kang sejati kuwi wujud nyata anggen kita nresnani Gusti”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak