Waosan: Rum 2 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 209
Nats: “… nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan, …” (Ayat 10a)
“Tak tandur pari jebul tukule malah suket teki” punika pethikan syair saking lagu Suket Teki. Lagu punika nggadhahi cariyos bab tiyang ingkang ngupaya gesang jejodohan. Piyambakipun sampun ngupaya kasaenan ing gesang jejodohan nanging pasanganipun mboten netepi komitmen anggenipun jejodohan lan malah males tumindak ingkang mboten becik. Prekawis punika kelampahan karana sikepipun manungsa ingkang saged owah. Tiyang ingkang waunipun ketingal sae sanyatanipun tiyang wau tumindak awon.
Kados ing waosan kita saking Rum 2 punika nyariosaken bab manungsa ingkang remen tumindak awon. Rasul Paulus nulis serat punika kangge ngengetaken pasamuwan Rum bilih Gusti Allah kepengin umat-Ipun punika nindakaken kabecikan, supados katebihaken saking bebendu. Punika karana Gusti Allah saestu nresnani umat-Ipun, Gusti Allah karsa nuntun umati-Ipun supados nindakaken kabecikan ing gesang padintenan. Karana umat ingkang sampun pitados punika sejatosipun pirsa punapa ingkang dados timbalan gesangipun. Ananging asring sifat kamanungsan ingkang ringkih punika dados sandungan kangge kita lan jalari kita asri tumindak awon. Ing ngriki Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan ing Rum supados nindakaken kabecikan salebeting gesang padintenen, awit Gusti Allah badhe maringi tentrem rahayu dhateng para umat ingkang setya nindakaken kabecikan (Ay. 10a).
Ing pigesangan kita tamtu kita mboten pengin ngalami pambengan lan kasangsaran. Mila menawi gesang kita kebak pambengan, godha, lan bilai, sumangga kita nyuwun kakiyatan lan pitulungan wonten ngarsanipun Gusti. Sanadyan gesang kita punika awrat, mangga kita tetap nindakaken kabecikan sarta ngestokaken dawuhipun Gusti. Kita kedah enget bilih punapa ingkang kita raosaken punika kados woh saking punapa ingkang tanem ing gesang kita. Kita nanem kabecikan, prekawis ingkang becik ugi ingkang badhe kita pethik. Kados pepenget saking Rasul Paulus, tentrem rahayu Gusti Allah punika kaparingaken kagem tiyang ingkang nindakaken kabecikan (Ay. 10a). Supados tentrem rahayu saking Gusti saged kita raosakan utawi pethik, inggih kabecikan ingkang kedah kita tanem ing gesang kita padintenan. Amin. [BWP].
“Apa sing ditandur kuwi kang sing dipanen.”