Pusaka Renungan Harian 5 September 2020

5 September 2020

Waosan : Jabur 149 : 1 – 9 |  Pamuji  : KPJ. 205
Nats
: “Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane, sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa tengen” (Ay. 6)

Ngantos ing wegdal punika, mbokbilih wonten sawetawis tiyang ingkang taksih kagungan lan nyimpen pusaka. Wujudipun saged arupi keris, tombak, jimat, songsong, lsp. Bab punika saged kita titi priksa wonten ing saperangan daerah, pendhak tanggal 1 Sura ngawontenaken “ritual” ngumbah pusaka utawi jamasan. Malah wonten ingkang gadhah pemanggih bilih toya sisa ngumbah pusaka wau gadhahi daya kangge nyarasaken sesakit, nambah awet enom lan sanes-sanesipun. Intinipun tiyang nyimpen pusaka kangge njagi gesangipun piyambak.

Waosan kita ing wegdal punika mratelakaken babagan raos syukur ingkang dipun raosaken dening  tiyang Israel karana nampi kaunggulan saking mengsah. Minangka wujud syukur wonten ngarsanipun Allah, tiyang Israel dipun timbali supados ngrepekaken kekidungan enggal, bungah-bungah, jejogedan, ngidungaken Masmur kanthi swaraning terbang lan cemplung (ayat 1-3). Gusti Allah ngersakaken supados tiyang Israel nedhahaken manah ingkang andhap asor lan tetep dados tiyang ingkang mursid (ayat 4-5). Karana Gusti Allah ugi karsa ngagem tiyang Israel nindhakaken piwales dhumateng para bangsa, suku bangsa, ratu lan panggedhe ingkang tumindhak nindhes lan mboten adil (ayat 7-9). Gusti Allah paring palilah dhumateng tiyang Israel ngagem pedhang ingkang landhep kiwa-tengen (ayat 6) kangge njejegaken kaadilan lan mbrasta panindhes.

Pedhang ingkang landhep kiwa-tengen punika dados pusaka kangge numpes para bangsa, suku bangsa, ratu lan panggedhe ingkang tumindhak sewenang-wenang. Sawetawis juru tafsir wonten ingkang paring pemanggih bilih pedhang ingkang landhep kiwa tengen punika mboten namung dipun artosaken secara harafiah. Pedhang ingkang landhep kiwa tengen ugi saged dipun artosaken Pangandikanipun Gusti Allah piyambak.

 Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, kita sampun gadhah Kitab Suci minangka pusaka kangge kita sedaya ngadhepi maneka warni kawontenaning gesang ing alam donya punika. Pramila, sumangga kanthi andhap asor nyawisaken manah lan gesang kita nampi lan migunakaken pusaka wau. Ngasah gesang kita kaliyan kitab suci minangka pusaka temahan kita dados tiyang ingkang mursid, kebak saos syukur, nindhakaken keadilan sae kagem dhiri kita pribadi sumrambahipun dhumateng sesami. Amin (Gimbul).

“Sabdane Gusti iku nguripi, ora mateni”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak