Bisaa Ngrumangsani Pancaran Air Hidup 5 Oktober 2024

5 October 2024

Waosan: Jabur 8 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 103 : 1 – 2
Nats: Manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?” (Ayat 5)

Wonten satunggal sedherek ingkang carios, bilih piyambakipun saged ngraosaken rawuhipun Gusti nalika piyambakipun celak kaliyan alam. Lumantar tetuwuhan ingkang seger lan ijo royo-royo, lumantar maneka warni sekar, lumantar seganten ingkang toyanipun boten saged kaukur, piyambakipun saged ngraosaken Gusti Allah makarya. Pengalaman sedherek punika ndadosaken kita ngrumaosi kita manungsa punika namung salah satunggaling titahiPun Gusti, ingkang alit sarta ringkih. Lajeng punapa ingkang saged dipun andelaken dening manungsa? Manungsa asring boten saged ngrumaosi kawontenanipun, kosok wangsulipun, kathah manungsa ingkang gumunggung lan asring boten saged ngrumangsani sinten piyambakipun wonten ing ngarsanipun Gusti.

Waosan ing dinten punika, paring paseksi dhateng kita bilih Sang Prabu Dawud ugi saweg kaeraman mirsani pakaryanipun Gusti Allah. Ayat 4-5 nyebataken, “Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata, manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?” Sang Prabu Dawud saged ngrumaosi sinten piyambakipun ing ngarsanipun Gusti Allah. Anggenipun kaeraman, wongsal wangsul matur dhumateng Gusti, Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.” (Ay. 2, 10).

Ageng sanget katresnanipun Gusti dhateng kita para manungsa. Ingkang dados pitakenan salajengipun, “Kadospundi kaliyan gesang kita? Punapa kita sampun sami ngrumaosi sinten kita punika ing ngarsanipun Gusti Allah?” Wekdal punika, kita sami kaajak bisaa ngrumangsani, supados kita saged ngajeni sadaya titahipun Gusti Allah. Bilih sadaya punika namung karana pakaryanipun Gusti Allah piyambak, ingkang paring gesang, kaendahan, pitulungan, kawilujengan, sarta berkah kasaenan. Kita sadaya saderma nglampahi karsanipun Gusti. Sumangga sesarengan kaliyan para sedherek kita, tanpa pilah-pilih, kita sami tresna-tinresnan, ajen-ingajenan, lan tulung-tinulung, matemah namung asmanipun Gusti Allah ingkang kapuji-puji lan kaluhuraken. Bisaa ngrumangsani bilih kita punika cilik tur ringkih nanging dipun tresanani srana katresnan ageng kaliyan Gusti. Mila tresnaa lan ngajenana marang sakabehing titah! Ngrumangsanana! Amin. [Life].

“Aja rumangsa bisa, ning bisaa rumangsa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak