Waosan: Kolose 2 : 16 – 23| Pamuji: KPJ. 416
Nats: “Yen kowe wus ndherek mati ana ing sedane Gusti Kristus, lan luwar saka para rohing jagad, yagene kowe kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kang ing semu kayadene kowe isih padha urip ing donya.“ (Ayat 20)
“Le … masa putrane Gusti tumindake kaya mangkono, sampean lali ta apa kang dadi piwulange Gusti ing saben ngabekti?”
“Oalah bu, penting kula mboten nate bolong saben minggu anggen ngabekti, punapa ngaten punika mboten cukup?”
“Le … uripe wong pracaya kuwi ora mung saderma kulit, ning kepriye anggen wong pracaya iku ngrasakne apa kang dadi karsane Gusti lan dilakoni kanthi nyata ing sauruting urip.”
“Lha, kanca-kanca kula mboten nglampahi ingkang mekaten bu, sing penting saben minggu dhateng greja.”
“Mulane, ibu dhawuh supaya kowe bener-bener dadi kagungane Gusti sing ora mung saderma kulite wae.”
Wicantenan ibu kaliyan kang putra punika nedahaken bilih asring gesang-pigesangan manungsa punika winates namung ing babagan “kulit”, lan mboten ngantos dumugi ing babagan ngraosaken punapa sejatosipun karsanipun Gusti tumrap para pitados. Mekaten ugi punapa ingkang dados piwucal lan pitedahipun rasul Paulus tumrap Pasamuwan Kolose, mliginipun ing Kolose 2:16-23, inggih punika:
- Paulus ngengetaken ing satengahing pasamuwan supados mboten kepincut kaliyan pitedah-pitedah ingkang winates, ingkang kapirsanan mboten nuju ing Sang Kristus, awit sadaya ingkang mekaten kalawau namung dados bab ingkang muspra lan nglaha. Tamtu piwucaling Paulus punika nuwuhaken raos ajrih lan kuwatos. Pramila, salajengipun Paulus paring pitedah ingkang ngiyataken pasamuwan.
- Pitedah ingkang ngiyataken pasamuwan inggih punika: para pitados punika sampun mboten kajiret kaliyan pranatan-pranatan “kulit” kemawon, nanging kedahipun sinau punapa ingkang dados karsanipun Sang Kristus, inggih punika ngener ing margining Gusti.
Bab punika ingkang kedah kalampahan ing gesang kita. Iman kapitadosan kita kedahipun boten namung winates ing babagan kulit kemawon, nanging ugi isinipun ingkang kalampahan. Kita setya nindakaken karsa lan dhawuhipun Gusti, sarta tansah sinau nglampahi gesang ingkang mboten namung kulit kemawon! Amin. [gus].
“Iman kulit iku gampang nglonthok.”