Waosan: Amos 5 : 12 – 24 | Pamuji: KPJ. 196
Nats: “Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu, lan kabeneran kaya kali kang tansah mili.” (Ayat 24)
Sumangga sami mbayangaken, bilih panjenengan saweg mirsani pamentasan wayang wong ingkang megah. Wiwit kostum, olah musik lan tampilanipun para lakon, saestu saged nrenyuhaken manah sadaya pamiarsa ingkang rawuh. Sadayanipun saged totalitas, sami sangkul-sinangkul salebeting pamentasan. Nanging sarampungipun pamentasan, nyatanipun para lakon kalawau kathah sanget ingkang padu, wonten ingkang satru-satruan, lan nalika wangsul kados dene tiyang ingkang mboten nate tepang. Punapa ingkang dipun tampilaken wonten ing pamentasan, mboten sami kaliyan kasunyatanipun ing gesang. Sadaya kados damel “topeng”, namung mentingaken tampilan njawinipun kemawon.
Kahanan ingkang mekaten, ugi saged nggambaraken kahananipun bangsa Israel ing waosan kita dinten punika. Lumantar nabi Amos, Gusti Allah paring pameleh dhateng bangsa Israel, awit bangsa Israel kados damel “topeng”, sregep nglampahi sadaya ritual agamawi nanging gesangipun taksih asring tumindak dosa. Ing ayat 12, kasebataken dosanipun bangsa Israel, kados dene, ”gawe sumpeking atine wong mursid, padha nampani besel, lan ngiwakake wong miskin ana ing gapura.” Gusti Allah saestu mboten karsa sadaya tumindak dosa kalawau. Sadaya kurban obaran, kurban dhaharan, korban slametan ingkang arupi pedhet utawi sadaya kekidungan ingkang dipun aturaken, dipun tampik dening Gusti Allah (Ay. 21-23). Awit pangibadah ingkang sejatinipun mangun kesadaran tumrap gesang ingkang nyondongi karsanipun Gusti, nyatanipun namung dados panggung sandiwara, formalitas, lan topeng ing ngajengipun tiyang sanes.
Gusti Allah sejatinipun namung ngersakaken supados gesang kita punika saged nglampahi pigesangan kanthi adil lan kebak kayekten. Punapa ingkang kita galih lan lampahi, sadaya saged ta nyondongi kaliyan karsan-Ipun Gusti. Mboten wonten ingkang ndamel “topeng” ing pigesanganipun, punapa malih nglampahi pangibadah namung dados formalitas. Mangga kita niti priksa gesang kita piyambak-piyambak, sampun ngantos kita nglampahi dosa lan dados abdinipun dosa. Nanging mangga kita ndadosaken gesang kita, kadosdene lepen ingkang ngilekaken kaadilan lan kayekten, matemah gesang kita langkung binerkahan dening Gusti Allah. Amin. [YAH].
“Payo kita lampahi gesang kita kanthi jujur, sampun ngantos damel ‘topeng’!”