Ora Mung Sedhakep Nanging Ngegarake Asta Pancaran Air Hidup 5 November 2021

5 November 2021

Waosan: Pangandharing Toret 15 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 70 : 1, 4, 5
Nats:
… mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingrangan lan kang miskin ana ing negaramu.” (Ayat 11b)

Pancen leres, bilih tiyang-tiyang mlarat lan kesrakat tansah wonten ing negari kita, ananging akibat Pandemi Covid-19 saestu mboten namung ngengingi babagan kesehatan kemawon, nanging sajagad wradin ngalami krisis multi dimensi. Ingkang paling sanget inggih punika krisis ekonomi, langkung-langkung tumrap negari-negari ingkang mlarat, tiyang-tiyang ingkang kesrakat sangsaya kathah. Keluwen, tanpa pandamelan, pendidikan, krisis sosial ingkang asring ndadosaken masyarakat tansah kisruh. Krisis sosial, karana raos ajrih, tiyang sami nutup dhiri, tansah curiga dhumateng tiyang sanes. Saengga para penderita Covid nampi “stigma” utawi cap negatif lan dipun tebihi masyarakatipun, malahan senajan sampun saras saking Covid-ipun. Sadaya punika sangsaya nambahi kasangsaranipun.

Nutup dhiri punika sami kaliyan sikap sedhakep, namung migatosaken dhiripun piyambak lan mboten maelu dhumateng tiyang sanes ing kiwa tengenipun. Bab punika benten sanget kaliyan sikap ngegaraken asta. Ngegaraken asta ateges mbikak dhiri, mbikak manah miwah pikiran, mbikak gesangipun dhumateng tiyang sanes lan kiwa tengenipun. Mboten kangge nyinyir, ngrasani, lan ngakimi, ananging migatosaken lan cumawis mbiyantu, malahan ngrengkuh tiyang sanes ingkang mbetahaken sih pitulunganipun.

Wonten ing Gusti Yesus, kita sampun nampi kawilujengan lan kanugrahanipun kanthi luber. Bab punika minangka energi positip ingkang kaluberaken dhumateng kita. Gusti ngersakaken sedaya punika kita lajengaken lan ilekaken kanthi ngegaraken tangan kita. Saestunipun Gusti Allah ugi sampun nyawisaken alam ingkang kebak energi positif. Mila rikala kita ngegaraken asta, energi positif ingkang mili punika ugi badhe narik energi positif saking alam, tangkar-tumangkar makaping-kaping nyrambahi kiwa tengen kita, kalebet kita piyambak. Ing ngriki ngegaraken asta mboten ndadosaken kita sangsaya kesrakat, ananging sangsaya sehat miwah luber sawarnining berkah. Amin. [BRU].

 “Ngegaraken asta mboten badhe ndadosaken kita kekirangan, nanging kaluberan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak