Sesarengan Nyengkuyung Gesang Renungan Harian 5 November 2020

5 November 2020

Waosan : Wahyu 8 : 6 – 9 : 12 | Pamuji : KPJ. 352
Nats: “Sajroné limang sasi wong-wong mau padha ngudi supaya mati, nanging ora bisa. Padha kepéngin mati, nanging malah diedohi déning pati.” (Ay. 6)

Punapa ingkang kita raosaken nalika kita ningali wonten bencana ing sakiwa tengen kita? Punapa punika tanah longsor, banjir, kebakaran, tsunami, gempa, lan sapanunggilanipun. Tamtunipun salebeting manah kita rumaos nggegirisi, prihatin, nelangsa, ajrih menawi bencana punika kalampahan ing gesang kita. Tegesipun boten wonten tiyang ingkang siap anggenipun ngadepi bencana. Karana mekaten punika, manungsa tansah ndedonga lan ngupaya supados saged luwar saking bencana.

Juru tulis kitab Wahyu ningali wonten malaikat ingkang cacahipun pitu sarta ngasta kalasangkan/slompret. Nalika saben kalasangkan punika dipun ungelaken para malaikat gegantosan, lajeng wonten bencana ingkang kalampahan. Boten namung nggegirisi, malah ndadosaken manungsa boten sagah ngadepi gesang, sami kepengin mati, nanging malah dipun tebihi pati. Lumantar gambaran punika saged dipun mangertosi bilih:

  1. Sedaya pepesthenipun Gusti Allah punika tansah kelampahan lan boten saged dipun selaki dening manungsa.
  2. Anggenipun nglampahi gesang, manungsa tansah sesambetan kalian sedaya makhluk ingkang dipun titahaken Gusti Allah. Manungsa punika ringkih, winates lan kathah kekirangan, krana mekaten anggenipun nglampahi gesang mbetahaken pitulungan saking Gusti Allah lan sesami.

Saged mangertosi kahanan ingkang boten sampurna punika prekawis ingkang prayogi. Ndadosaken manungsa tansah sumarah dhumateng Gusti Allah. Saged ndadosaken kesadaran bilih sesami punika wigatos sanget salebeting gesang. Awit saking punika, kangge mujudaken katentreman ing alam donya punika, kita boten saged piyambak, kita kedah sesarengan, sangkul sinangkul setunggal lan setunggalipun. Karana punika mangga kita ngupaya gesang ingkang tansah andhap asor, lembah manah, bisa rumangsa/among rasa dhumateng liyan. Mekatena ugi salebeting gesang pasrawungan kita sami gesang guyub rukun kaliyan sesami kita. Amin. (RM).

 “Aja rumangsa bisa nanging bisa rumangsa”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak