Waosan: Yoel 2 : 1 – 2 , 12 – 17 | Pamuji: KPJ. 126
Nats: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa lan nangis sarta sambat-sambat. Atimu suweken, saja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, …” (Ayat 12-13)
Punapa panjenengan nate dipun tilang polisi? Mugi-mugi mboten. Tiyang ingkang dipun tilang punika biasanipun tiyang ingkang nglanggar rambu-rambu lalu lintas, mboten kagungan SIM utawi STNK, lan tumindak ugal-ugalan ing margi umum. Tiyang punika lajeng dipun sidang lan dipun denda miturut kalepatanipun. Mila kita kedah ngati-ati ing margi, supados kita slamet dumugi tujuan. Pengalaman nate dipun tilang punika, saged dadosaken tiyang punika introspeksi, ningali malih kalepatan punapa ingkang sampun dipun tindakaken. Sarta ndadosaken pengalaman punika, pelajaran ingkang wigati lan saged langkung ngati-ati nalika nitih motor utawi nyetir mobil.
Nabi Yoel dipun utus Gusti Allah kangge ngengetaken bangsa Israel ingkang sampun nyimpang saking margining Gusti. Yoel medharaken bab dintenipun Gusti, bilih mboten wonten tiyang ingkang wilujeng, sadaya tiyang badhe sirna awit saking paukumanipun Gusti. Karana punika Yoel ngaturi pawartos pamratobat dhateng bangsa Israel. Bangsa Israel kedah siam, nangis, lan sambat dhumateng Gusti (Ay. 11). Bangsa Israel kedah mratobat kanthi temen, ngakeni dosa-dosanipun, sarta nelangsani tumindak dosanipun (Ay. 13). Taksih wonten wekdal kangge mratobat lan nyuwun pangapunten dhumateng Gusti. Awit Gusti Allah punika Gusti ingkang kebah sih pangapunten lan sih rahmat dhateng para umat ingkang purun mratobat.
Dinten punika dinten Rabo Awu ingkang nandhani mangsa pra paskah. Ajakan nabi Yoel punika mboten namung kangge bangsa Israel kemawon ananging ugi kangge kita. Swawi kita sami introspeksi, ningali kawontenan gesang kita wonten ing ngarsanipun Gusti. Punapa kita sampun setya nindakaken karsanipun Gusti? Punapa kita sampun estu mbangun turut dhumateng timbalanipun Gusti? Punapa kita sedya manggul salib kita saben dinten? Bilih kita jujur, gesang kita taksih tebih saking punapa ingkang dipun kersakaken Gusti Allah. Pramila bilih kita taksih kaparingan gesang, punika kesempatan kangge kita mratobat, ngenggalaken manah kita dados pandherekipun ingkang setya. Mangga kita lampahi mangsa Pra Paskah punika kanthi nuladha Gusti Yesus, gesang sawetah miturut karsanipun Gusti. Amin. [AR].
“Mangsa Pra Paskah punika mangsa kangge kita mratobat lan nindakaken gesang enggal.”