Waosan: Ibrani 9 : 23 – 28 | Pamuji: KPJ. 278 : 1, 2
Nats: “Mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh.” (Ayat 28a)
Nalika Pembinaan Teologia Warga Gereja (PTWG), wonten satunggaling warga ingkang kagungan pitakenan ingkang unik. Pitakenan punika gegayutan kaliyan bab pangapuntening dosa, ingkang mekaten: “Gusti Yesus punika kan sampun seda mbirat dosaning manungsa ing ratusan taun kepengker, lajeng kadospundi kaliyan manungsa ing jaman samangke? Punapa ingkang saged dipun tindakaken dening manungsa dosa ing jaman samangke supados saged kasucekaken malih? Punapa nalika ngakeni dosa kedah ngasta pisungsung ingkang kathah?” Saben tiyang tamtu kagungan pengajeng-ajeng bilih gesangipun suci lan cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Pramila prekawis pamratobat saking dosa mboten saged dipun anggep entheng. Saben tiyang ingkang ngakeni dosa lan mratobat kedah mangertos bilih piyambakipun gesang suci malih, mboten karana kakiyatanipun piyambak utawi karana kasaenan pisungsung ingkang dipun aturaken, ananging namung karana Rahipun Gusti Yesus, karana sih rahmatipun Gusti Allah dhateng manungsa.
Kadosdene waosan kita ing dinten punika ingkang sampun mratelakaken kanthi cetha bilih pangurbanan Sang Kristus kagem mbirat dosa-dosaning manungsa punika agung sanget, mboten kadosdene para imam. Bilih para imam agung saben taun mlebet ing padaleman suci kanthi ngasta getihing wedhus lanang lan getihing sapi lanang sarta kepyuraning awunipun kurban kagem nyucekaken manungsa saking sedaya najis tata lair. Ananging Gusti Yesus ngurbanaken Sariranipun piyambak kagem mbirat dosa-dosaning manungsa. Sinaosa pangurbananipun Sang Kristus punika namung sepindah, ananging punika kagem salami-laminipun, ugi kagem sedaya tiyang ingkang pitados. Mangke Gusti Yesus badhe rawuh malih ing wekasan jaman, mboten kagem mbirat dosa ananging kagem ngadili sedaya umat manungsa, sarta maringi karahayon dhateng para umat ingkang tansah pitados lan nganti-anti marang rawuh-Ipun.
Pramila sumangga ing mangsa Pra Paskah punika, kita sami kagungan pamanggih ingkang leres, bilih gesang kita punika dipun sucekaken namung sarana Rahipun Gusti Yesus. Mangga kita ngaturaken saos sokur awit sedaya pangurbanan ingkang sampun dipun tindakaken dening Gusti Yesus kangge kita. Sumangga kita tansah setya tuhu nganti-anti rawuhipun Gusti Yesus, kanthi njagi gesang kita, saha nindakaken prekawis ingkang sae, cundhuk kaliyan karsanipun Gusti, supados kita ugi nampi karahayon langgeng saking Gusti. Amin. [GW].
“Iba begjaku! Gusti seda mbirat dosaku!”