Gumantung Sih Kadarmanipun Gusti Pancaran Air Hidup 5 Maret 2021

5 March 2021

Waosan : Pangentasan 19 : 9 – 15     |    Pamuji : KPJ. 62  : 1 – 2
Nats
: “Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur,lagi padha kena munggah ing gunung.” (Ay. 13b)

Saumpami, satunggaling wekdal panjenengan nampi telpon saking asisten pribadi Bupati. Asisten punika maringi pawartos bilih minggu ngajeng, Bapak bupati badhe rawuh ing griya panjenengan. Punapa ingkang badhe panjenengan tindhakaken? Tamtunipun kita rumaos bingah sanget lajeng cecawis kangge nampi tamu agung punika. Saged ugi kita resik-resik griya, nyapu, ngepel lan jeding dipun paringi wewangian. Mekaten ugi kita badhe nyawisaken dhedhaharan ingkang eca. Sedaya katindhakaken amargi badhe nampi rawuhipun bapak Bupati.

Mekaten waosan kita ing wekdal punika, nyariosaken bilih Gusti Allah ingkang Maha Suci, maringi sumurup dhateng abdinipun Musa, bilih badhe rawuh lan pepanggihan kaliyan umatIpun, Israel. Pramila, Gusti Allah paring pangandika bilih bangsa Israel kedah nyawisaken manah kanthi kasucen. Bangsa Israel kedah ngati-ati, sampun ngantos minggah utawi nggepok senggol redi Sinai. Sebab, sinten ingkang wantun nggepok senggol redi Sinai, badhe kaukum pati. Awit Gusti Allah Maha Suci, boten kersa nampi manungsa ingkang kebak dosa. Nalika mireng suantenipun kalasangka, bangsa Israel saged minggah ing redi Sinai, punika sih kadarmanipun Gusti Allah kagem bangsa Israel.

Punapa ingkang saged dados pasinaon kangge kita? Lumantar Pangandika ing wekdal punika, maringi piwulang bilih gesang kita namung gumantung saking Sih Katresnanipun Gusti. Menawi kita saged dados umat ingkang piniji, pikantuk kawilujengan langgeng, sedaya punika boten amargi kasaenan kita. Sedaya namung karana Sih Kadarmanipun Gusti Allah ingkang rumentah ing gesang kita. Kita saged uwal saking pamengkuning dosa, linuwaran saking bebenduning dosa, sedaya namung berkahipun Gusti. Pramila, menawi Gusti Allah purun nuweni lan pinanggih dhateng kita sedaya, punika namung saking Sih Rahmatipun Gusti. Sumangga kita tansah cecawis, gesang kanthi setya tuhu, sumuyud ngabekti ing Gusti, tumindhak kanthi leres, supados kita sembada sowan ing ngarsanipun Gusti. Satemah kita pikantuk kanugrahan lan kawilujengan langgeng. Amin. (KJ).

“Dadia suci, awit Panjenengane iku Suci”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak