Waosan : II Timotius 1 : 3 – 7 | Pamuji : KPJ 106
Nats: “Aku kèlingan precayamu sing tulus éklas, ora béda karo precayané embahmu Lois lan ibumu Éunike’. Aku yakin yèn precayamu uga mengkono.” (Ay. 5)
Lare alit menika langkung prigel tumindakipun nalika dipun contoni, tinimbang dipun dhawuhi. Sinau kanthi laku menika langkung nresep ing pikiran lan tumindak. Pramila, gesang ing brayat menika saged dados papan sinau lelaku bab ingkang sae. Kados pundi tiyang sepuh nampeni tamu, ngadhepi tiyang ingkang nyalib ing margi, wicantenan kaliyan tiyang enggal, sedaya menika dipun tingali, dipun titeni lan dipun conto kaliyan anak-anak. Sedaya ingkang kalampahan ing griya menika kadosdene hawa (udara) ingkang dipun sedhot dening anak. Mekaten ugi ing bab karohanen lan kapracayan kita.
Tiyang sepuh ingkang miyos langkung rumiyin ing donya, nggadhahi timbalan ageng sageda kadosdene hawa ingkang kasedhot dening manungsa tumraping kapracayanipun para putra. Kadospundi tiyang sepuh ngupadi gesang karohanenipun saestu dipun tingali lan dipun titeni dening para lare. Bab menika ingkang sampun dipun tindakaken dening para tiyang sepuhipun Timotius. Rasul Paulus paring paseksi bilih kapracayanipun Timotius ingkang tulus eklas menika boten benten kaliyan kapracayanipun Lois, embahipun lan Eunike, ibunipun. Lois lan Eunike sampun dados tuladha ingkang sae, dados hawa sehat kang kasedhot dening Timotius. Pramila, Timotius nggadhahi karohanen ingkang sehat lan kiat kadosdene ibu lan embahipun.
Minangka tiyang dewasa, sumangga tansah waspada ing satindak kita karana gesang kita menika kadosdene hawa ingkang kasedhot dening para lare. Menawi tumindak kita minangka tiyang pracaya boten sehat, sak pikajeng piyambak, boten saged dados tuladha, para lare saged ketularan ugi. Kadosdene Lois lan Eunike, sumangga mbangun gesang kapracayan lumantar tumindak ingkang sae, karana menika badhe nulari kasaenan kangge para lare. Menawi Lois lan Eunike saged dados tuladha ing bab kapracayan ingkang tulus eklas tumraping Timotius, kita mesti saged ugi. (KRW).
“Kapracayan kang tulus eklas menika nular. Sampun nglokro tumindak kanthi setya supados para lare katularan ugi“