Aksi lan Reaksi Pancaran Air Hidup 5 Juli 2022

5 July 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 19 : 28 – 40 | Pamuji: KPJ. 439
Nats:
“Bab iku ora kena dipadoni, mulane sadulur kabeh, sing padha tentrem lan aja kesusu tumandang.” (Ayat 36)

Nalika taksih wonten ing bangku pasinaon, menawi kita nate mireng piwulang bab Hukum Newton. Sir Issac Newtonpencetus Hukum Newton punika ilmuwan saking Inggris ingkang ageng sanget jasanipun ing bidang fisika mliginipun bab dinamika. Hukum Newton punika kaperang dados 3 bagian lan hukum ingkang kaping 3 kasebut Hukum Aksi-Reaksi. Hukum punika nerangaken bilih sedaya aksi tamtu badhe kairingan dening reaksi. Rupinipun Hukum Aksi lan Reaksi punika ugi saged karaosaken dening manungsa ing dinamika gesang sesarengan, kadosdene ingkang badhe kita raosaken lumantar waosan kita ing dinten punika. 

Kacariosaken bilih Rasul Paulus badhe tindak Yerusalem nglangkungi tanah Makedonia lan Akhaya. Gayus lan Aristarkhus sampun bidhal rumiyin, lajeng sami ngadhepi kahanan ingkang kisruh. Kisruh sarta pageger punika dipun wiwiti dening Demetrius. Piyambakipun ajrih bilih pepanthan salaka ingkang dipun damel, mboten pajeng malih bilih Rasul Paulus martosaken Injil ing papan ngriku. Demetrius ngempalaken para tiyang ingkang nunggal sapagawean lajeng paring pengaruh. Aksi Demetrius punika ndadosaken para tiyang paring reaksi sami nolak Paulus lan para rencangipun kanthi anarkis. Pungkasanipun, pageger ingkang kalampahan ing gedhong tontonan punika saged dipun sirep dening panitraning kutha lan kasedyanipun Paulus kagem mirengaken para sakabatipun. Rasul Paulus, para sakabat, sarta panitraning kutha nggadahi reaksi ingkang wicaksana sanajan kahanan ingkang dipun adhepi kisruh lan mboten karu-karuwan.

Waosan kita punika ngemutaken kita sami supados kita tansah ngati-ati nalika paring aksi lan reaksi. Aksi lan reaksi ingkang kirang wicaksana saged njalari pageger lan kisruh ing gesang sesarengan. Kosok wangsulipun, aksi sarta reaksi ingkang kalambaran dening kawicaksanan lan kasabaran saged mbetha katentreman lan mungkasi maneka-werna padudon. Mila, saderengipun kita paring aksi lan reaksi sumangga kita raos-raosaken kanthi manah ingkang tentrem lan mboten kesusu tumandang. Amin. [xie].

“Kebat kliwat, gancang pincang”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak