Waosan : Yeremia 51 : 46 – 58 | Pamuji : KPJ. 106
Nats: “..Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu!” [ayat 50b]
Kahanan menapa ingkang asring ndadosaken manungsa kecalan raos optimis? (optimis menika ateges keyakinan kita tumrap bab sae ingkang kita lampahi lan ndadosken kita nindakaken kasaenan ugi). Menapa sakit ingkang dereng enggal dhangan? Menapa usaha ingkang saweg seret? Kegagalan lan panandhang menika asring ndadosaken manungsa kecalan raos optimis lan kosokwangsulipun, ketaman raos pesimis.
Tiyang ingkang kecalan optimis menika asring rumaos semplah lan nglokro. Kecalan pengajeng-pengajeng lan mboten semangat ngadhepi gesang. Pramila, raos optimis menika saestu wigati kangge gesangipun manungsa. Tanpa raos menika, tiyang saged nindakaken bab ingkang mbebayani, kadosdene bunuh diri. Salah satunggiling cara nuwuhaken raos optimis menika inggih kanthi ningali bab-bab ingkang sae ing kaalami ing salebeting pigesangan.
Nalika nabi Yeremia mirsani kaananipun bangsa Yehuda ingkang mrihatosaken ing pangawulan Babel, ingkang tuwuh raos pesimis. Nanging, nalika ngengeti bilih Gusti Allah saestu setya lan sabar ngadhepi bangsa kagunganipun menika, ingkang tuwuh raos optimis. Nabi Yeremia boten namung ngengetaken bab kelepatanipun bangsa Yehuda ingkang sampun tumindak boten setya ing ngarsanipun Gusti, nanging ugi nuwuhaken kesadaran bangsanipun bilih Gusti Allah boten nilar gesangipun bangsa Yehuda. Senaosa tebih saking Yerusalem ingkang dados simbol Gusti Allah ndedalem lan njumenengi, bangsa Yehuda kaatag tansah enget kaliyan Gusti Allah lan ing manahipun tansah timbul Yerusalem (ayat 50). Menika ateges, bilih ing satengahing reribet lan panandhang Gusti Allah menika boten nate nilar. Panjenenganipun tansah njumenengi ing sadhengah kaanan. Bangsa Yehuda boten katilar ing selaminipun gesang. Badhe wonten wancinipun sedaya panandhang menika uwal.
Tansah enget marang Gusti ingkang ngancani lan nyarengi pigesanganing manungsa kalebet ing panandhang, tansah badhe nuwuhaken raos optimis ingkang nyagedaken kita ngadhepi pigesangan ingkang boten gampil. [KRW]
“Kadosa pundi kawontenanipun manungsa, Gusti Allah tansah njumenengi “