Dedalem Lan Nunggil Karo Sira Renungan Harian 5 Juli 2018

5 July 2018

Waosan : Yermia 7 : 1– 15; | Nyanyian : KPK 148 : 1-3, KPJ .116: 1-3.
Nats:
“….. Sira mbecikana tindak-tanduk lan panggawenira, Ingsun  banjur bakal  karsa dedalem ana ing kane nunggil karo sira.” (ayat 3)

Iba bingah lan remen sanget, menawi ing sawijining dinten kita nampi tamu ingkang kita ajeni sarta ing wekdal kepengker kita nggadhahi kalepatan dhateng tamu menika. Anjawi kita rumaos dipun ajeni kita ugi rumaos bilih piyambakipun saestu kersa paring pangapunten dhateng kita.Kita rumaos bombong ing galih saha ngraosaken lega sanget.

Kados mekaten isi khotbahipun Nabi Yermia rikala ing Padaleman Suci.  Sepisan, nimbali bangsa Yehuda supados mituhu Pangandikanipun Sang Yehuwah lan paring pangenget menawi bangsa Yehuda boten setya salajengipun badhe wonten perkawis ingkang ngedab-edabi kangge bangsa menika. Ingkang kaping kalih, ingkang dipun ngedikakaken nabi Yermia menika dados cetha bilih sedaya kasisahan, bebaya, boten setya ingkang dipun alami bangsa Yehuda menika minangka ukuman kangge bangsa Yehuda. Kaping tiga, pangandikanipun nabi menika kangge ngiyataken lan ngengetaken bangsa Yehuda ingkang sasampunipun kaukum, supados saged mituhu lan nglampahi pangandikanipun Sang Yehuwah temah Sang Yehuwah dedalem saha paring berkah kangge bangsa menika.

Ing bulan keluarga menika wonten perkawis ingkang perlu kagatosaken. Sepisan kita kedah tansah sinau nggatosaken pangandikanipun Gusti temah saged ngalami perkawis-perkawis engkang ngedab- edabi.Panguwaosipun Gusti taksih saged lumampah ing gesang kita saben dinten menawi kita purun nglampahi menapa ingkang dados karsanipun Gusti. Temtu menika migunani sanget tumraping brayat kita. Angka kalih, menawi kita sisah ing samangke, saged ugi menika ukuman kangge kita awit kalepatan ingkang sampun kita lampahi. Pramila kita kedah ajeg nyuwun pangapunten ing ngarsanipun Gusti. Mesthi Gusti kersa paring pangapunten angger kita purun kanthi adreng saha tulus nyuwun pangapunten ing ngarsanipun Gusti. Angka tiga menawi kita purun nglampahi karsanipun Gusti, Gusti kersa dedalem ing gesang kita lan paring berkah. [Bpur]

“Iba bingahipun menawi Gusti kersa dedalem ing pigesangan kita”.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak