Waosan: Wulang Bebasan 22 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 416 : 1, 2
Nats: “Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran, lan urip.” (Ayat 4)
Taksih ing swasana warsa enggal, kita sedaya tamtu sampun kagungan rancangan tumrap bab punapa kemawon ingkang badhe kita tindakaken kagem nggayuh tujuan utawi pengajeng-ajeng ing gesang kita. Umpaminipun nalika kita kagungan tujuan gesang supados sugih ing bandha donya, tamtu kita badhe ngupadi bab bandha punika kanthi maneka warni cara, sae punika lumantar nyambut damel ingkang sregep, mbangun usaha-usaha tambahan, lan sanesipun. Mekaten ugi bilih ingkang dados tujuan gesang kita punika nampi kaluhuran utawi drajat lan pangkat, tamtu kita badhe ngupadi lumantar nyambut damel ingkang sae supados enggal minggah pangkat lan dipun urmati tiyang kathah, lan sanesipun. Ananging ing sasisih, kita ugi asring ngrancang cara ingkang awon supados punapa ingkang dados pangajeng-ajeng lan tujuan gesang kita punika enggal kita tampi.
Saben tiyang ingkang gesang tamtu kagungan pangajeng-ajeng saged dados tiyang ingkang sugih ing bandha, dados tiyang ingkang kinurmatan, lan gesangipun ing donya punika langkung dangu. Ananging ing dinten punika kita sedaya dipun engetaken lumantar Kitab Wulang Bebasan, bilih kasugihan, kaluhuran, lan gesang ing alam donya punika saestu namung ganjaran saking Gusti Allah nalika kita nglampahi gesang kanthi andhap-asor lan tansah ngabekti dhumateng Gusti. Nglampahi gesang wonten ing donya punika kedah andhap asor awit taksih kathah tiyang ingkang langkung sae saking kita. Kadosdene paribasan ‘Ing dhuwure langit isih ana langit’. Mekaten ugi anggen kita gesang kedah tansah ngabekti dhumateng Gusti Allah awit sedaya ingkang wonten ing gesang kita punika kagunganipun Gusti Allah. Pramila mboten wonten bab ingkang saged ndadosaken kita gumunggung.
Kitab Wulang Bebasan ngemutaken kita sedaya supados anggen kita ngrancang tujuan gesang kita punika mboten klentu. Ingkang dados tujuan gesang kita inggih punika nglampahi gesang ingkang andhap-asor lan tansah ngabekti dhumateng Gusti Allah. Bilih punika saged kita lampahi kanthi leres, Gusti Allah ugi badhe paring ganjaran kasugihan, kaluhuran ing gesang saha gesang ingkang sae ing alam donya punika. Pramila sumangga kita sami ngrancang ing sae lan sampun ngantos salah tujuan salebeting gesang punika. Amin. [GW].
“Kratoning Allah lan kasampurnane iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.”