Waosan: Yeremia 1 : 11 – 19 | Pamuji: KPJ. 27
Nats: “Wong-wong iku bakal padha merangi sira, nanging sira ora bakal kalah, amarga Ingsun nganthi sira, supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.” (Ayat 19)
Wonten tiyang ingkang hobbinipun punika ngrimati sekar asmanipun bu Arum. Ing pekarangan griyanipun wonten maneka warni sekar ingkang tuwuh kanthi sae. Saben dinten kanthi tlaten bu Arum nyirami sekaripun punika. Mboten namung dipun sirami kemawon, sekar-sekar punika ugi dipun rabuk supados saged tuwuh ngrembaka kanthi sae. Kawontenan punika dadosaken pekarangan griyanipun bu Arum katon endah sanget. Maneka warni sekar, kados Mawar, Anggrek, Melati, lsp ketingal endah, punika sadaya awit saking upayanipun bu Arum ingkang temen-temen anggenipun ngrimati sekar-sekar punika.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Gusti Allah nimbali nabi Yeremia, kasebataken wonten ing ayat 5, “Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.” Yeremia dipun utus Gusti Allah kangge ngengetaken bangsa Israel, bilih bangsa punika sampun nyimpang saking margining Gusti. Tugasipun Yeremia inggih punika martosaken paukumanipun Gusti dhateng bangsa Israel. Bangsa Israel badhe dipun bucal dhateng tanah Babel awit saking tumindakipun ingkang sampun nyingkur Gusti. Gusti Allah karsa paring kakiyatan lan kawicaksanan dhateng Yeremia kangge nindakaken ayahanipun punika. Gusti Allah janji badhe ngrimati Yeremia saha paring pitulungan ing salampah gesangipun Yeremia medharaken karsanipun Gusti.
Gusti Allah punika Gusti ingkang tresna dhateng kita para umat-Ipun. Panjenenganipun kanthi setya ngrimati gesang kita, buktinipun ngantos wekdal punika kita taksih kaparingan kakiyatan, tetedhan, kacekapan, sarta berkah-berkah sanesipun. Awit saking punika, Gusti Allah nimbali kita kangge ngrimati alam lingkungan ing antawis kita. Ing wulan tumitahing jagad punika, kita sami dipun engetaken malih bab timbalan kita. Kita kedah dados sarana lestari lan asrinipun alam lingkungan ing antawis kita. Mangga kita sedya ngrimati alam lingkungan ing sakiwa tengen kita. Kita budidaya amrih lingkungan kita punika mindak asri. Mangga kita estokaken timbalanipun Gusti punika, awit saking alam lingkungan ingkang asri punika kita seged ngraosaken kabingahan dan katentreman. Amin. [AR].
“Sedya ngrimati alam lingkungan punika tumindak gesang ingkang sae.”