Kalawan Sedya Kang Becik Pancaran Air Hidup 5 Desember 2024

5 December 2024

Waosan: Filipi 1 : 12 – 18a  |  Pamuji: KPJ. 125 : 1 – 3
Nats: “Ana wong martakake Sang Kristus amarga drengki lan dhemen pasulayan, nanging ana uga kang ngundhangake Panjenengane kalawan sedya kang becik.” (Ayat 15)

Tiyang pitados dipun timbali kagem martosaken Injilipun Gusti. Ananging wonten maneka cara, motivasi lan kepentingan anggenipun tiyang punika martosaken Injilipun Gusti. Wonten ingkang saestu temen-temen martosaken lumantar lampah gesangipun ingkang sae lan ngremenaken Gusti Yesus, ananging ugi kathah tiyang ingkang nggadhah kepentingan ingkang boten sae, awit wontenipun raos kuciwa lan sesengitan ing gesangipun.

Ing waosan kita dinten punika nyariosaken kados pundi lampah gesang lan peladosanipun Rasul Paulus. Bilih ningali kawontenan ingkang dipun alami dening Paulus, mesthinipun Paulus badhe nggresula awit piyambakipun kinunjara karana martosaken Injilipun Gusti. Ananging ing ngriki, Paulus mboten tumindak makaten, malah piyambakipun rumaos bingah. Ayat 18 nyebataken, “Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah”. Pitakenan ingkang wigatos, punapa ingkang dadosaken Paulus bingah ing sadengah prakawis? Wangsulanipun awit piyambakipun masrahaken dhiri lan gesangipun kagem ngabdi dhumateng Gusti. Ingkang dados dasaring lampah gesangipun namung Gusti Yesus. Punika ingkang dadosaken Paulus saged nilaraken ego lan gengsinipun. Sadaya ingkang dipun tindakaken namung kagem kaluhuranipun Gusti Allah, sanes kangge dhiri pribadi. Motivasi ingkang dipun ugemi inggih punika martosaken Injil kalawan sedya kang becik. Ingkang dados pitakenan salajengipun, kados pundi kaliyan gesang kita? Kados pundi cara, motivasi, lan kepentingan ingkang wonten ing dhiri kita?

Sumangga kita sami niti priksa gesang kita piyambak-piyambak. Punapa kita taksih kewetan ngraoasken kabingahan karana raos kuciwa lan sesengitan? Sumangga kita tliti malih punapa ingkang dados motivasi lan kepentingan kita martosaken Injilipun Gusti. Bilih motivasi lan kepentingan kita taksih ngremenaken ego lan gengsi kita, mesthi kita badhe nemahi kuciwa lan sengit sadangunipun kita gesang. Sumangga kita ewahi motivasi lan kepentingan kita pribadi, mangga kita leladi namung kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah. Mesthi kita badhe nemahi kabingahan lan kabegjan ing sadaya prekawis gesang kita. Sumangga kita ewahi kalawan sedya tumindak becik ingkang jalari kita bingah. Amin. [Life].

“Sedya kang becik nuwuhaken kabingahan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak