Tetep Setya Lan Terus Tuwuh Ngrembaka Renungan Harian 5 Desember 2019

5 December 2019

Waosan : Lelakone Para Rasul 1 : 12–17, 21-26   I   Pamuji :  KPJ. 453 : 1, 2
Nats:
“Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga…..” (ay. 14a).

Dinten menika klebet dintenipun mangsa Adven, ing basa Latinipun ‘Adventus’, artosipun ngrawuhi/nekani, istilah ingkang umum dipun angge ing jaman Imperium Romawi, lan dipun ginakaken kangge mapag rawuhipun kaisar-dewa ingkang sanget dipun urmati. Tembung adven dipun angge para pendherekipun Gusti Yesus, kangge nglairaken pengaken bilih Sang Kristus menika Ratu lan Gusti ingkang sejati. Mangsa adven minangka pacawisan mapag Natal, kangge menghayati rawuhipun Sang Kristus.

Saksampunipun Gusti Yesus sumengka dhateng Swarga, para murid sami nunggil ndedonga, ngantos-antos prasetyanipun Gusti Yesus ingkang badhe nedhaki para murid klayan Roh Suci.

Cacahipun para murid, suwaunipun 12 tiyang; tuwuh ngrembaka dados 120 tiyang. Kangge momong tiyang semanten kathahipun, mbetahaken organisasi lan pamomong ingkang mumpuni, sae ing bab jumlah mekaten ugi ing bab kaprigelanipun. Rasul Petrus ngusulaken supados wonten gantosipun Yudas, supados jumlahipun para rasul ganep 12 malih. Yudas, kados para murid sanesipun, saben wekdal nunggil kaliyan Gusti Yesus, nampi timbalan, lan piwulang ingkang sami, ewasemanten piyambakipun milih nolak lan sarujuk nyedani Panjenenganipun. Yudas bunuh diri. Para murid sanesipun tetep trengginas anggenipun makarya medharaken Injil, lan mboten nyingkur pimpinanipun Allah. Para rasul netepaken syarat-syarat kangge gantosipun Yudas lan ndedonga, nyuwun Allah mbimbing proses pemilihan-ipun.

Menapa ingkang katindakaken dening para rasul, dados conto ingkang sae kangge kita, ing wekdal kita netepaken keputusan penting. Wiwitan, netepaken kriteria miturut Kitab Suci, lajeng ndedonga nyuwun kawicaksanan lan bimbinganipun Allah, supados saged manggihaken katetepan ingkang wicaksana.

Para murid, ingkang sak dangunipun menika dados pandherek, sinau, nampi piwulang, lan nekseni mukjizatipun Gusti Yesus, samangke dados rasul, utusan kangge ngabarakaen Injil. Para rasul gadhah tugas khusus, nyebaraken Pawartos Rahayu bab Gusti Yesus. Tugas menika ugi kaparingaken dhateng kita ing wekdal menika. Amin. (Esha).

“Panggah, tatag, manteb, lan setya, supaya unggul prangira”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak