Waosan: Mateus 28 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 255
Nats: “Gusti Yesus tumuli ngandika, “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurku padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.” (Ayat 10)
Wonten lare ingkang kepinging sanget saged nitih sepeda. Piyambakipun bayangaken mendah bingahipun menawi piyambakipun saged nitih sepeda lan saged sesarengan dolan kaliyan para kancanipun kanthi nitih sepeda. Kejawi punika kanthi nitih sepeda menawi piyambakipun badhe dhateng panggenan sanes saged langkung cepet lan mboten kraos sayah sanget. Nanging, lare punika ugi bayangaken prekawis gegayutan kaliyan punapa ingkang badhe kalampahan tumrap piyambakipun, “Mengko yen aku tiba aku mesthi bundhas. Yen aku gek nabrak utawa ditabrak mengko piye?” Ing wusananipun lare punika mboten purun sinau nitih sepeda krana ajrih ngadehepi bebaya ingkang sejatosipun dereng tamtu kalampahan. Raos ajrih pancen saged ndadosaken saben tiyang mboten saged nggayuh punapa ingkang dados pangajengipun. Kamangka pangajeng-ajeng punapa kemawon mboten saged dipun gayuh menawi nggadhahi manah ingkang mangu-mangu lan mboten wantun ngadhepi mawerni-werni pakewet. Pramila, saben tiyang perlu nggadhahi semangat lan kedah kendel.
Nalika, Maria Magdalena lan Maria sanesipun manggihi pasareanipun Gusti Yesus, para wanita punika sami ajrih lan mboten nggalih babar pisan gegayutan kaliyan sela ingkang nutupi pasarean punika bikak lan pasarean punika kosong. Ing manah ingkang kados mekaten punika wonten piyantun ingkang paring pawartos lan nyantosakaken para wanita punika kanthi pangandika supados mboten ajrih, awit Gusti Yesus sampun wungu. Kejawi punika para wanita kekalih ugi dipun tedahaken gegayutan kaliyan papan pasareanipun Gusti Yesus ingkang sampun kosong. Ing salajengipun para wanita punika kautus martosaken bab Gusti Yesus ingkang sampun wungu dhumateng para sakabat sanesipun. Nadyan taksih kagubel manah ingkang kebak pitakenan lan raos ajrih, para wanita punika mboten namung mendel kemawon ing pasarean. Para wanita punika enggal mengker saking pasarean lan martosaken bab Gusti Yesus ingkang sampun wungu.
Pangandikanipun Gusti Yesus, “Aja padha wedi…” ugi nyantosakaken kita para pandherekipun Gusti Yesus supados tansah wantun martosaken bab Gusti Yesus ingkang sampun wungu. Satemah andadosaken tansaya kathah tiyang ingkang sami pitados dhumateng Panjenenganipun. Amin. [HSW].
“Gusti tansah nyatosakaken kapitadosan kita.”