Waosan: Jabur 126 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 114 : 1 – 3
Nats: “Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak.” (Ayat 5)
Wicanten bab kabingahan lan kasisahan ingkang dipun alami manungsa punika pancen mboten wonten telasipun. Saben-saben kita manggihi tiyang ingkang nandhang sisah lan prihatos, kita tumut nelangsa, lajeng mbatin, “Kok saged wonten tiyang ingkang ngalami panandhang sangsara ingkang kados mekaten, Gusti Allah wonten pundi?” Nalika manggihi tiyang ingkang sukses lan ngalami kabingahan wonten gesangipun, lajeng kita nggunem, “Aku sing nyambut gawe isuk awan sore, wes direwangi jungkir walik, sasat adus kringet, nanging kok ora enggal sukses. Gusti Allah apa adil?” Nggih punika naminipun tiyang gesang.
Wonten seratan ingkang suraosipun kados mekaten: “Remen punapa mboten, raos bingah lan sisah punika katitahaken satunggal paket. Mboten wonten kabingahan tanpa kaprihatosan, mekaten ugi mboten wonten kaprihatosan tanpa kabingahan.” Kita nglampahi gesang padintenan, tamtu sampun asring kita dipun abenajengaken kaliyan kawontenan “nandur ngginakaken tumetesing eluh”, ing pundi kita ngupadi kanthi keraya-raya kangge merjuangaken punapa ingkang dados pangajeng-ajeng gesang kita. Ananging wusananipun asring dereng tamtu sarujuk kaliyan kathahipun kringet lan eluh ingkang tumetes. Kawontenan ingkang kados mekaten punika saged ndadosaken gelanipun manah, nelangsa, lan semplahing gesang kita.
Waosan kita saking Jabur 126 mbeta kita dhateng reraosan ingkang lebet gegayutan kaliyan pamulihanipun Gusti Allah. Juru mazmur ngenget-enget sawetawis wekdal nalika Gusti Allah paring pamulihan dhateng Sion, nalika bangsa Israel nglampahi kawontenan gesang ingkang ringkih, sangsara, lan prihatos wonten ing tlatah pasetran. Tamtunipun nalika dipun bucal, bangsa Israel sampun ngupadi mawarni warni cara supados saged uwal saking kasangsaranipun. Mboten saged kaetang malih sepinten anggenipun bangsa Israel nangis awit prihatos kaliyan kawontenan ingkang dipun raosaken. Saking kawontenen punika, Gusti Allah karsa campur asta kangge ngowahi kawontenan punika, saknalika bangsa Israel ngraosaken sukabingah. Mangga kita lampahi gesang kita punika kanthi setya dhumateng Gusti. Kita pasrahaken gesang kita wonten astanipun Gusti, awit kita pitados Gusti Allah punika kuwaos mulihaken gesang kita. Amin. [YEP].
“Benten eluhipun pemenang kaliyan tiyang ingkang nandhang kasusahan namung punapa ingkang sampun dipun alami sakderengipun.”