Sengkut Makarya Pancaran Air Hidup 5 April 2021

5 April 2021

Waosan: 1 Korinta 15 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 346a : 1, 2
Nats: “… aku wus nglakoni pegawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.” (Ayat 10b)

Wonten tiyang ingkang “sepi suwarane” nanging “rame ing gawe”. Tiyang ingkang mekaten menika adatipun asring dipun pepuja dening tiyang sanes. Wonten malih tiyang sanesipun ingkang “akeh omonge” nanging “sethithik gawene”. Tiyang ingkang mekaten menika tamtu asring dipun rasani awon dening tiyang sanes. Taksih wonten tiyang sanesipun ingkang “akeh omonge” nanging “ora katon karyane”, nanging tiyang menika dipun puja dening tiyang kathah, karana, pancen inggih “omong akeh” menika padamelanipun.

Ketingalipun Paulus kalebet tiyang ingkang pungkasan menika: “akeh omonge, ora katon karyane.” Ing antawisipun para rasul, Paulus paling kathah nyerat layang pawartos Injil. Paulus ugi paling kathah mawartosaken Injil dhateng desa-desa, kitha-kitha lan negari-negari ing tlatah Eropa. Kanthi sengkut anggenipun makarya. Kanthi tumemen anggenipun mawartosaken Injil. Paulus mawartosaken bilih Gusti Yesus sampun seda lan wungu malih paring karahayon dhateng piyambakipun lan saben tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus. Gusti Allah wonten ing Sang Kristus sampun paring kanugrahan agung dhateng piyambakipun. Ingkang menika, Paulus makarya kanthi sengkut lan lelados kanthi tumemen. Anggenipun sengkut makarya lan tumemen lelados menika nedahaken lan dados paseksi bab agunging sih kanugrahanipun Allah dhateng piyambakipun.

Kita ugi katetepaken dados seksinipun Sang Kristus. Anggen kita atur paseksi bab Injilipun Gusti dhateng tiyang kathah menika sanes srana kita “akeh omong”, nanging nindakaken padamelan kanthi sengkut. Kajawi menawi padamelan kita menika pancen “adol omongan”. Menawi mekaten, kita kedah pinter “omong kang bener lan becik.” Menapa kemawon padamelan kita, menawi kita nindakaken kanthi sengkut lan tumemen sarta jujur, kita sampun netepi anggen kita dados seksinipun Sang Kristus, kita nedahaken agunging sih kanugrahanipun Allah. Pramila, watak lan raos kesèd utawi lumuh kedah kita bucal. Sugeng makarya kanthi sengkut. Gusti mberkahi lan kamulyakna. (st)

 “Tindakna pegaweanmu dadi kamulyaning Gusti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak