Waosan: Pangentasan 20:1-17 I Pamuji: KPJ 57
Nats: “Sira aja melik marang omahe pepadhanira; …” (ayat 42)
Nuju ing sawijining dina ing wayah sore, nalika Sang Prabu Dawud wungu saka pasareane, banjur ameng-ameng ana ing payon-ing kedhaton; saka ing kono katon ana wong wadon lagi adus; wong wadon iku ayu banget rupane. Sang prabu Dawud banjur utusan wong ndangu bab wong wadon iku; ana kang munjuk: “Punika rak Batsyeba, anakipun Eliam, semahipun Uria, tiyang Het.” Sawuse iku Sang Prabu utusan nimbali. Wong wadon iku marak marang ngarsane Sang Prabu, banjur disareni.
Cariyos ing nginggil nuduhaken bilih Raja Israel kang misuwur punika dumadakan “melik nggendhong lali”. Cetha bilih tumindaking Sang Prabu Dawud boten kenging kanggep bener, awit Batsyeba sampun dados semahipun tiyang sanes.
Bok bilih satunggaling dasa titah ingkang asring dados sandhungan kita inggih punika angger-angger bab “aja melik”. Kenging punapa? Awit tiyang melik punika asring nggendhong lali. Krana melik pangwasa, lajeng lali makarya kangge nusa lan bangsa. Dina-dinane kaisi uripe amung metani lupute liyan. Punika ingkang asring kita pirsani ing donyaning politik. Nafsu angkara menawi sampun murub, nggodha, rosane ngungkuli gunung njeblug, lan ndayani tiyang ingkang melik. Contonipun: tiyang ingkang pengin numpuk raja brana. Ingkang paling mbebayani tiyang kalawau langkung seneng ”SWS”, seneng wong (liya) sengsara. Menawi wonten liyan kedhungsang-dhungsang, keplok! Sikep ingkang mekaten punika asring njalari manah ingkang mentalan, tegan, lan degsiya. Tiyang lajeng remen awatak ”SWM”, tegesipun susah wong (liya) mulya.
Mila, boten mokal menawi tiyang punika pikantuk kabegjan malah sangsaya dados serik, mrekitik, lajeng ngginaaken napsunipun, neka-neka. Langkung nggegirisi malih menawi tiyang kalawau sampun kasengggol ajining dhiri, rumaos badhe kewiyak wadinipun, asring malah nekad. Gusti pepenget dhateng kita: Aja melik! Awit melik punika nggendhong lali. sadhengah cara bakal katempuh, senajan tha kanthi cara ingkang dursila. (pong)
„Begjane kang lali, isih begja wong kang eling klawan waspada“