Waosan: Markus 12 : 28 – 34 | Pamuji: KPJ. 370: 1, 2
Nats: “Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.” (Ayat 33).
Nalika kita ngabekti dhumateng Gusti ing dinten Minggu, asring kita mirengaken bapa utawi ibu pendita maos kutipan ayat bab angger-angger katresnan. Tujuanipun kangge ngegetaken kita, bilih kita punika manungsa ingkang ringkih, manungsa ingkang kebak dosa, lan dereng saged nindakaken angger-angger katresnan punika kanthi sampurna. Angger-angger katresnan punika dados kaca pangilon kangge niti priksa gesang kita piyambak-piyambak. “Punapa kita saestu sampun nindakaken karsanipun Gusti Allah sarana nresnani sesami kita? Punapa kita namung nresnani gesang kita piyambak?”
Pangandikanipun Gusti ing wekdal punika, ngatag dhateng kita, “Sepinten agengipun anggenipun kita sampun netepi lan nindakaken angger-anggeripun Gusti punika dhateng gesang padintenan?” Ing waosan kita, kacariyosaken wonten ahli Toret ingkang sowan wonten ngarsanipun Gusti Yesus saperlu atur pitakenan, “Angger-angger ingkang wigatos piyambak punika ingkang pundi?” Saking pitakenan punika, Gusti Yesus ngendika, “Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.” Boten kandek ing ngriku kemawon, Gusti Yesus nglajengaken pangandikanipun, “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe.” Kalih prekawis punika ingkang selajengipun dipun sebat Angger-angger Katresnan. Pungkasanipun ahli Toret punika ngakeni bilih pangandikanipun Gusti Yesus bab Angger-angger Katresnan punika leres lan langkung utami katimbang ngaturaken kurban obaran lan sembelehan.
Bilih ahli Toret kemawon purun ngakeni piwucalipun Gusti Yesus bab Angger-angger Katresnan punika lares lan utami, kados pundi kaliyan kita? Punapa kita ugi ngakeni bilih Angger-angger Katresnan punika lares lan utami kangge gesang kita? Mangga kita purun dadosaken Angger-angger Katresnan piwucalipun Gusti Yesus punika kangge dasar lampahing gesang kita sadinten-dinten ing donya punika. Mangga kita sami nresnani Gusti Allah lan sesami kita kanthi temen-temen, kanthi gumolonging manah, nyawa, lan budi kita. Amin. [AR].
“Katresnan kita dhateng sesami punika wujud katresnan kita dhumeteng Gusti.”