Waosan : Jabur 107 : 1 – 9 | Pujian : KPJ. 18 : 1, 3, 4
Nats: “Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!” (Ay. 1a)
“Padha saosa pamuji sokur marang Sang Yehuwah. Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.” (I Tes. 5:18). Dawuh punika sampun asring kita mirengaken, malah kepara bokmenawi kita sampun sami apil, ananging kita sedaya mesthi sami sarujuk bilih dawuh punika boten gampil katindakaken. Langkung-langkung ing kawontenan ingkang nyisahaken, ing pakewet, karubedhaning gesang, lsp. Estu dawuh punika ewet sanget kawujudaken. Kamangka saos sokur punika ingkang dipun kersakeken Gusti tumrap kita sedaya.
Kadospundi supados kita saged mujudaken dawuh timbalan punika? Jabur 107:1-43 punika paring pitedah dhateng para tiyang ingkang sampun katebus dening Gusti, supados saos sukur dhateng Gusti, awit sampun kaluwaran saking kawontenan ingkang bebayani utawi nguwatosi. Juru Masmur maringi 4 conto kangge nggambaraken bilih Gusti Allah nggatosaken dhateng pakeweting gesang ingkang dipun alami dening umatipun. Menawi umatipun dedonga sesambat dhateng Gusti : keluwen lan kasatan (4-9); kinurung ing sangsara lan wesi (10-16); sakit sanget lan sampun dumugi ing gapuraning pejah (17-22); prahara lan ombak ingkang ageng sanget (22-32).
“… padha sesambat marang Pangeran Yehuwah” (ayat 6); kaping sekawan Juru Masmur ngangge ukara punika, lan kaping sekawan ugi dipun sebataken bilih Gusti Allah paring pangluwaran saking raos ajrih, wah sumelang lan kuwatos (6, 13, 19, 28). Gusti Allah nuntun umatIpun dhateng papan utawi kawontenan ing pundi kasagedan, kekiyatanipun manungsa boten saged mrantasi lan manungsa sampun boten saged mitulungi malih, supados umatipun sami saged sesambat dhateng Gusti Allah kanthi iman kapitadosan, kinantenan andap asoring manah lan tulus kadosdene anak.
Menawi kula lan panjenengan ngalami kawontenan kados ingkang kaaturaken dening Juru Masmur punika, senadyan mesthi benten wujudipun, samangsa kita sami sesambat dhateng Gusti, kanthi iman kapitadosan, kinantenan andap asor lan tulusing manah, tamtu Gusti mitulungi lan paring pangluwaran. Bab punika nedahaken kasaenan, kaelokan lan kasetyanipun Gusti Allah dhateng kita umat tetebusanipun. Amin.(SS)
“Payo mbangun iman kapitadosan lan bereg manah sami saos sukur dhateng Gusti Allah”