Waosan : Matius 23 : 1 – 12 | Pamuji : KPJ. 195 : 1, 2
Nats: “Mulane apa kang dituturake marang kowe iku padha tetepana, nanging aja padha tumindak nulad tindak-tanduke, awit wong-wong iku padha memulang, nanging ora padha nglakoni dhewe” (Ay. 3)
Ing salah sawijining dinten Minggu, Pak Mantep pinanggih kaliyan Pak Enda. Ing salebeting pepanggihan punika Pak Mantep atur pitaken dhateng Pak Enda:
Pak Mantep : “Pak Enda, dina Minggu kepungkur kok ora kethok menyang gereja? Apa lara?”
Pak Enda : “Aku ora lara Pak Mantep, aku ora budal krana sing khotbah Pak Lamis.”
Pak Mantep : “Lho, kena apa? Pak Lamis lak khotbahe apik?”
Pak Enda : “Iya, khotbahe pancen apik, ning Pak Lamis kuwi mung bisa ngomong, ora bisa nglakoni.”
Pak Mantep : “Yen kaya ngunu, sing digagas ya khotbahe bae, aja pribadine. Dadi panggah kudu menyang gereja, sapa bae wonge sing khotbah.”
Pak Enda : “Ora bisa! Aku ora nrima yen ana wong kang uripe kaya “gajah diblangkoni”, mung bisa khotbah ning ora bisa nglakoni.”
Ing salebeting gesang, tamtu kita nate pinanggih kaliyan tiyang ingkang kados Pak Lamis. Menawi mekaten, kita kedah tumindak kados pundi?
Matius 23:1–12 mratelakaken bab tumindakipun para ahli Toret lan para Farisi. Ing wegdal semanten, para ahli Toret lan para Farisi kaanggep patunggilaning para suci. Awit, para ahli Toret lan para Farisi punika tiyang ingkang paham bab angger-anggering Toret lan dhawuhIpun Gusti. Ngantos dipun gambaraken “nglinggihi palenggahane Musa” (ayat 2). Ananging, kados dene ingkang dipun aturake dening Pak Enda, para ahli Toret lan para Farisi punika kados dene Pak Lamis, namung mangertos dhateng prekawis-prekawis ingkang becik, nanging boten kersa nindakaken prekawis-prekawis ingkang becik punika (ayat 4).
Lan menawi ngadhepi tiyang ingkang kados mekaten, Gusti Yesus ugi sampun paring dhawuh supados kita tetep kersa mirengaken lan nindakaken sedaya ingkang dipun wucalaken, nanging sanes punapa ingkang dipun tindakaken (ayat 3). Tegesipun, Gusti Yesus pitados bilih Gusti Allah saged ngagem sinten kemawon kagem mbabar dhawuhIpun dhateng para manungsa, boten namung saking tiyang mursid, ananging ugi saking tiyang dosa. (YN)
“Gusti Allah nitahaken sedaya prekawis kanthi guna, kalebet tiyang lamis”